Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 46
122–123 dari 225
1.218–1.227 dari 2.243
| 31.007 | pra dipati samya anêksèni | yèn Ki Martanaya aran êmas | Ăngga Yudanêgarane | apan ta wus misuwur | dènnya lênggah nagri Sêmawis | sêmana sri narendra | siniwi wadya gung | rêrêmbagan badhe kitha | sri narendra tan arsa kutha Matawis | Mangunonêng tur sêmbah || |
| 31.008 | yèn suwawi ngadhaton nèng Tingkir | datan arsa wau sri narendra | Ki Wiradigda ature | yèn karsa sang aprabu | sukune kang ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri [2: 10] naranata tan arsa | Ki Urawan umatur sarwi wotsari | gusti ing Wanakarta || |
| 31.009 | apolatan papannya arêsik | lawan cêlak ing kadhaton Pajang | amba mirsa wirayate | duk kala swarginipun | yang paduka Pangeran Pêkik | ngandika mring Mataram | kêdalon nèng Butuh | lajêng asare ing dagan | wontên swara ujaring swara dumêling | hèh Pêkik wruhanira || |
| 31.010 | alas kulon ing Pajang puniki | Wanakarta besuk dadi kutha | anadene narpatine | iya putunirèku | besuk yèn wus bêdhah Matawis | sang nata langkung suka | dhahar aturipun | Ki Adipati Urawan | angandika sang nata marang ki patih | Radèn Anrangkusuma || |
| 31.011 | Nrangkusuma mangkata rumiyin | babadana alas Wanakarta | reka-rekanên patute | bakal tadhaton[1] ingsun | atur sêmbah rahadèn patih | lèngsèr saking ngayunan | saha balanipun | tan winarna lampahira | anèng marga rahadyan mung tigang latri | prapta ing Wanakarta || |
| 31.012 | binabadan rineka tumuli | sasampuning rineka sadaya | gatra-gatra ing badhene | warnanên sang aprabu | budhal saking nagri Sêmawis | gumêrah swaraning kang | bala tăntra agung | ing ênu datan winarna | sampun prapta ing Wanakarta sang aji | lajêng ngadhaton pisan || |
| 31.013 | pan dèn êlih araning nagari | nagri Kartasura Adiningrat | duk nalika ngadhatone | Ruwah tanggal ping pitu | apan nuju ing taun Alip | Rêbo Pon dintênira | sinêngkalan wau | ing mantri sirna kawayang | rêbut sênêng: lir ngambara ngrasa wani |[2] singa ingkang kanggea [2: 11] || |
| 31.014 | sri narendra karsa animbali | mring kang rayi Jêng Sunan Ngalaga | ingkang ngadhaton ing Plèrèt | duta umangkat sampun | tan kawarna duta narpati | gênti kang kawuwusa | kang umadêg ratu | kang ngrêbat pura Mataram | Jêng Sinuhun Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyabala || |
| 31.015 | ingkang munggèng ing ngarsa narpati | Arya Măndhalika lan Ki Patya | Natakusuma sisihe | jajar lan pra tumênggung | dêmang arya lawan ngabèi | răngga lan pêcattăndha | kêndhuruanipun | Tumênggung Gajahpramana | lan Ki Răngga Tanpulas munggèng ing ngarsi | Ngabèi Tanpanata || |
| 31.016 | Demang Kalêng lan Ki Jagapati | miwah sira Arya Tambakbaya | lan Arya Surajayane | Ki Măndhalika matur | mring sang nata sarwi wotsari | gusti kula miyarsa | nênggih wartinipun | rakanta umadêg nata | gêng karamat pun Trunajaya kajodhi | dene raka paduka || |
122–123 dari 225
| 1 | kadhaton. (kembali) |
| 2 | Tanggal: Rêbo Pon pitu (7) Ruwah Alip: mantri sirna kawayang (AJ [1]603), lir ngambara ngrasa wani (AJ 1603). Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (11 September 1680). (kembali) |