Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 46
122–123 dari 225
1.220–1.229 dari 2.243
| 31.009 | apolatan papannya arêsik | lawan cêlak ing kadhaton Pajang | amba mirsa wirayate | duk kala swarginipun | yang paduka Pangeran Pêkik | ngandika mring Mataram | kêdalon nèng Butuh | lajêng asare ing dagan | wontên swara ujaring swara dumêling | hèh Pêkik wruhanira || |
| 31.010 | alas kulon ing Pajang puniki | Wanakarta besuk dadi kutha | anadene narpatine | iya putunirèku | besuk yèn wus bêdhah Matawis | sang nata langkung suka | dhahar aturipun | Ki Adipati Urawan | angandika sang nata marang ki patih | Radèn Anrangkusuma || |
| 31.011 | Nrangkusuma mangkata rumiyin | babadana alas Wanakarta | reka-rekanên patute | bakal tadhaton[1] ingsun | atur sêmbah rahadèn patih | lèngsèr saking ngayunan | saha balanipun | tan winarna lampahira | anèng marga rahadyan mung tigang latri | prapta ing Wanakarta || |
| 31.012 | binabadan rineka tumuli | sasampuning rineka sadaya | gatra-gatra ing badhene | warnanên sang aprabu | budhal saking nagri Sêmawis | gumêrah swaraning kang | bala tăntra agung | ing ênu datan winarna | sampun prapta ing Wanakarta sang aji | lajêng ngadhaton pisan || |
| 31.013 | pan dèn êlih araning nagari | nagri Kartasura Adiningrat | duk nalika ngadhatone | Ruwah tanggal ping pitu | apan nuju ing taun Alip | Rêbo Pon dintênira | sinêngkalan wau | ing mantri sirna kawayang | rêbut sênêng: lir ngambara ngrasa wani |[2] singa ingkang kanggea [2: 11] || |
| 31.014 | sri narendra karsa animbali | mring kang rayi Jêng Sunan Ngalaga | ingkang ngadhaton ing Plèrèt | duta umangkat sampun | tan kawarna duta narpati | gênti kang kawuwusa | kang umadêg ratu | kang ngrêbat pura Mataram | Jêng Sinuhun Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyabala || |
| 31.015 | ingkang munggèng ing ngarsa narpati | Arya Măndhalika lan Ki Patya | Natakusuma sisihe | jajar lan pra tumênggung | dêmang arya lawan ngabèi | răngga lan pêcattăndha | kêndhuruanipun | Tumênggung Gajahpramana | lan Ki Răngga Tanpulas munggèng ing ngarsi | Ngabèi Tanpanata || |
| 31.016 | Demang Kalêng lan Ki Jagapati | miwah sira Arya Tambakbaya | lan Arya Surajayane | Ki Măndhalika matur | mring sang nata sarwi wotsari | gusti kula miyarsa | nênggih wartinipun | rakanta umadêg nata | gêng karamat pun Trunajaya kajodhi | dene raka paduka || |
| 31.017 | bala tiyang sabrang warni-warni | anging wontên satêngahing warta | sutanya Amral yaktine | mêmindha amrih suyud | ngrabasèng rat talatah Jawi | sang nata angandika | apa yêktinipun | kalamun dudua kangmas | Măndhalika matur sarya awotsari | katawis yèn dedea || |
| 31.018 | dènnya nganggea cara Walandi | kula kuli ika mring wong kopar | tan pisah sanalikane | punika dedenipun | gusti mênggah watawis malih | têmêne yèn rakanta | dene abdinipun | rakanta kang lama-lama | inggih mêksih asuwita ing narpati | sagung wong kadipatyan || |
122–123 dari 225
| 1 | kadhaton. (kembali) |
| 2 | Tanggal: Rêbo Pon pitu (7) Ruwah Alip: mantri sirna kawayang (AJ [1]603), lir ngambara ngrasa wani (AJ 1603). Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (11 September 1680). (kembali) |