Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 46
128–129 dari 225
1.279–1.288 dari 2.243
| 32.018 | ênggonana adhi upacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngêr ingwang | sun adhi marang ngarsa | amomor arsa udani | tandanging mêngsah | sang nata gya lumaris || |
| 32.019 | sampun prapta samadyaning pabarisan | wadya samya udani | yèn sri naradipa | prapta tan mawi bala | tumanduk manêmpuh wèsthi | wadyèng Ngalagan | mamrêp ngamuk mangungkih || |
| 32.020 | tinadhahan ing bêdhil ganjur lan watang | ya ta wadya Matawis | manusup mangrêmpak | gègèr wong Kartasura | giris prasamya angisis | dhadhal lorodan | kambu dhatêng ing Taji || |
| 32.021 | wong Ngalagan anglud marang Parambanan | lajêng amrêp ing Taji | samya tinadhahan | Tumênggung Mangkuyuda | apan arsa angawaki | lan Natayuda | karo miyosi jurit || |
| 32.022 | dyan umangsah Natayuda saha bala | Mangkuyuda tan kari | wong Mataram prapta | nung-anung samya mangsah | supênuh barisirèki | wong Kartasura | Mangkuyuda nindhihi || |
| 32.023 | pra prawira Ngalagan mangamuk rampak | manuduk angakahi | tan wruh patining lyan | andulu mungsuhira | kadya dulu rara sunthi | pinaripurnan | umyat warastra lungit || |
| 32.024 | Arya Măndhalika dulu mungsuhira | sigra ngêtap turanggi | wus atilar bala | mring ngarsa sumbar-sumbar | pantèn mundura dèn aglis | saparanira | mêksih anom bêk pati || |
| 32.025 | anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing ajurit | ingsun Mangkuyuda | gumuyu Măndhalika | hèh babo raganirèki | sasêngkan anyar | anak [2: 21: ana...k] wong dhudhuk gangsir || |
| 32.026 | ingsun eman lah pantèn age mundura | Mangkuyuda abêngis | sigra dènnya numbak | marang Ki Măndhalika | tumèmbêl baune kêni | Ki Măndhalika | gumuyu sarwi anglang |[1]| |
| 32.027 | rare Kêdhu sira iku liwat pugal | sun walês mangko mati | pantèn lumayua | Si Amral konên mara | Mangkuyuda nolih wuri | wadya agêmpang | sigra ngingê turanggi || |
128–129 dari 225
| 1 | Biasanya guru lagu i: angling. (kembali) |