Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 46
129–130 dari 225
1.286–1.295 dari 2.243
| 32.025 | anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing ajurit | ingsun Mangkuyuda | gumuyu Măndhalika | hèh babo raganirèki | sasêngkan anyar | anak [2: 21: ana...k] wong dhudhuk gangsir || |
| 32.026 | ingsun eman lah pantèn age mundura | Mangkuyuda abêngis | sigra dènnya numbak | marang Ki Măndhalika | tumèmbêl baune kêni | Ki Măndhalika | gumuyu sarwi anglang |[1]| |
| 32.027 | rare Kêdhu sira iku liwat pugal | sun walês mangko mati | pantèn lumayua | Si Amral konên mara | Mangkuyuda nolih wuri | wadya agêmpang | sigra ngingê turanggi || |
| 32.028 | wus sinabêt turăngga nututi bala | dyan ingêlut tumuli | dening wong Ngalagan | datan măngga puliha | kèndêl tangkisan kang baris | wadyèng Ngalagan | mandhêg wetaning Taji || |
| 32.029 | Ki Tumênggung Mangkuyuda tur uninga | dhatêng sri narapati | Prabu Amangkurat | yèn wong Mataram prapta | prasamya angungkih pati | angangah-angah | tan myat warastra lungit || |
| 32.030 | sri narendra siniwi nèng pasanggrahan | andhèr kang pra dipati | lan wadyanya Amral | pra upsir nèng ngayunan | sang nata ngandika aris | dene adhi mas | tuhu lali mring kami || |
| 32.031 | Arya Sindurêja umatur manêmbah | dhuh gusti winatawis | kêclaping wadana | duk prang pun Mangkuyuda | ingkang anindhihi jurit | satriya pelag | mênawi rinta aji || |
| 32.032 | kang sun têdha si adhi mugi elinga | besuk têngahing jurit | kabèh wadyaningwang | yèn adhi mas katingal | padha piyaka dèn aglis | aja na lawan | poma marang si adhi || |
| 32.033 | ana ngêndi ing mêngko baris Ngalagan | Nrangkusuma wotsari | ing Kêmalon gènnya | dhêndhêng akapang-kapang | anêba sagunging baris | pating galidrah | pratiwa ing Matawis || |
| 32.034 | tan kawarna [2: 22: kawar...na] sri narpa êmas pratiwa | ya ta warnanên enjing | Sang Prabu Ngalaga | ingaturan ing wadya | kondura marang Matawis | amunga wadya | ingkang baris nèng Taji || |
129–130 dari 225
| 1 | Biasanya guru lagu i: angling. (kembali) |