Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32–33 dari 46
130–131 dari 225
1.297–1.306 dari 2.243
32.036 angandika Sri Narapati Ngalaga | ingsun arsa udani | solah-tingkahira | anging sun nglugas raga | angampingi mring si adhi | Arya Panular | iku sun gawe wakil ||
32.037 ri saksana kasaru gègèr ing ngarsa | yèn mungsuh agêng prapti | wadya Kartasura | lawan bala Walănda | saksana wadya Matawis | baris Ngalagan | tan nêdya nolih wuri ||
33. Pangkur
33.001 wadya gêng ing Mangkuratan | ambalabar wadya kang mangsah jurit | wadya Kumpêni lir mêndhung | miwah măncanagara | pangawate kanan kering Sindurjèku | kering Dipati Ngurawan | kyana patih anèng wuri ||
33.002 têngara bèri gumêrah | myang kêndhang gong bèri tinitir-titir | gumuruh swaraning tambur | sarunine barungan | wong pasisir ngungkung Kodhokngorèkipun | gêgaman abra asinang | yèn tinon lir gunung gêni ||
33.003 ya ta Sang Prabu Mangkurat | wus angrasuk busana cara Wlandi | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | mojah sinuji toya mas | kinatimang êmas kitir ||
33.004 abêbadhong sungsun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | ujwalanya lir andaru | arja akuluk jangkang | tinatrapan ing mas jingga akarêpus [2: 23] | yèn tinon saking mandrawa | kadya gurnadur ngajawi ||
33.005 anyuriga pêdhang usar | anggarnya bra binarongsong mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinante ing mas jingga | sinêlanan kumala abra amurub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagunging bupati ||
33.006 kasor kênyaring busana | angênguwung barung ujwalèng aji | sri narendra ngandika sru | lah payo kêbutêna | kayaparan wartane wadya pangayun | Arya Sindurja tur sêmbah | abdi dalêm kang pangarsi ||
33.007 sampun campuh ing ayuda | wau gusti mêksih bêdhil-binêdhil | mundhut turăngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walănda murub | canela bra bludru rêtna | rinumpaka ing kêkitir ||
33.008 sang nata nitih turăngga | budhal saking pasanggrahan narpati | swaraning bala gumuruh | lir ombaking sagara | cucuking prang acampuh buru-binuru | prangipun wadya Ngalagan | lir danawa olih daging ||
130–131 dari 225