Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32–33 dari 46
130–131 dari 225
1.292–1.301 dari 2.243
| 32.031 | Arya Sindurêja umatur manêmbah | dhuh gusti winatawis | kêclaping wadana | duk prang pun Mangkuyuda | ingkang anindhihi jurit | satriya pelag | mênawi rinta aji || |
| 32.032 | kang sun têdha si adhi mugi elinga | besuk têngahing jurit | kabèh wadyaningwang | yèn adhi mas katingal | padha piyaka dèn aglis | aja na lawan | poma marang si adhi || |
| 32.033 | ana ngêndi ing mêngko baris Ngalagan | Nrangkusuma wotsari | ing Kêmalon gènnya | dhêndhêng akapang-kapang | anêba sagunging baris | pating galidrah | pratiwa ing Matawis || |
| 32.034 | tan kawarna [2: 22: kawar...na] sri narpa êmas pratiwa | ya ta warnanên enjing | Sang Prabu Ngalaga | ingaturan ing wadya | kondura marang Matawis | amunga wadya | ingkang baris nèng Taji || |
| 32.035 | Arya Măndhalika matur saha nêmbah | kondura dhatêng puri | gusti kasukana | nadyan silih yudaa | munggèng ngalun-alun benjing | yèn wadya gêmpang | sakarsa ngantêp jurit || |
| 32.036 | angandika Sri Narapati Ngalaga | ingsun arsa udani | solah-tingkahira | anging sun nglugas raga | angampingi mring si adhi | Arya Panular | iku sun gawe wakil || |
| 32.037 | ri saksana kasaru gègèr ing ngarsa | yèn mungsuh agêng prapti | wadya Kartasura | lawan bala Walănda | saksana wadya Matawis | baris Ngalagan | tan nêdya nolih wuri || |
| 33. Pangkur | |
| 33.001 | wadya gêng ing Mangkuratan | ambalabar wadya kang mangsah jurit | wadya Kumpêni lir mêndhung | miwah măncanagara | pangawate kanan kering Sindurjèku | kering Dipati Ngurawan | kyana patih anèng wuri || |
| 33.002 | têngara bèri gumêrah | myang kêndhang gong bèri tinitir-titir | gumuruh swaraning tambur | sarunine barungan | wong pasisir ngungkung Kodhokngorèkipun | gêgaman abra asinang | yèn tinon lir gunung gêni || |
| 33.003 | ya ta Sang Prabu Mangkurat | wus angrasuk busana cara Wlandi | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | mojah sinuji toya mas | kinatimang êmas kitir || |
130–131 dari 225