Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 46
127–128 dari 225
1.270–1.279 dari 2.243
| 32.009 | sri narendra wus têdhak nitih turăngga [2: 19: tu...răngga] | aran pun Komasaris | abrit ulêsira | rinêngga busana bra | wadya kêparak marapit | wrêgul lan kangkam | munggèng ing kanan kering || |
| 32.010 | sri narendra busananira bra muncar | baju baludru wilis | rinarêngga mubyar | sinuji têtirahnya | kancinge maniking warih | cindhe puspita | lancingan panji-panji || |
| 32.011 | apaningsêt tasbe sêrate rinêngga | dhêsthar gonjong kinitir | mubyar atulya bra | muncar akêthap-kêthap | ujwalanya angênèni | asarawungan | lan pêkiking narpati || |
| 32.012 | ing samadya pada tan ana kang padha | lir Hyang Asmarèng swargi | apan sri narendra | lagya yuswa tri dasa | nêdhêng mêmpêng ing kuwanin | sudirèng yuda | wau sri narapati || |
| 32.013 | pan kinubêng wong magêrsari akapang | satus wong numbakputih | eca lan ajêrak | abajo têratean | gumêrgut tandanging dasih | pangulunira | malayoni sang aji || |
| 32.014 | adhuh gusti kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | hèh pangulu aja | karia têngga pura | ing besuk sun ngantêp jurit | sira milua | ing alun-alun benjing || |
| 32.015 | tan kawarna lampahira sri narendra | prapta ing kali Taji | wadya Kartasura | kang anèng Parambanan | dènira umangkat enjing | cucuking yuda | kapranggul kali Bêning || |
| 32.016 | wong Ngalagan lir danawa amamăngsa | mulat ing mungsuh prapti | samya ngangah-angah | sigra dènnya narajang | wong Kartasura nadhahi | têmpuh ing yuda | ramya bêdhil-binêdhil || |
| 32.017 | Arya Măndhalika tur uning saksana | mring jêng sri narapati | yèn wadya pangarsa | wus campuh [2: 20] ing ayuda | ngandika wau narpati | hèh adhi êmas | Arya Panular aglis || |
| 32.018 | ênggonana adhi upacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngêr ingwang | sun adhi marang ngarsa | amomor arsa udani | tandanging mêngsah | sang nata gya lumaris || |
127–128 dari 225