Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33–34 dari 46
133–134 dari 225
1.325–1.334 dari 2.243
33.027 kadya danawa mamăngsa | ki tumênggung pamukira mangungkih | singa kang katrajang gêmpur | tinadhahan sanjata | kanan kering binedrongan ki tumênggung | sinosogan ing sanjata | sinawuran busur lêmbing ||
33.028 wong siji pira kuwatnya | ki tumênggung nadyan balunga wêsi | sungsuma gêgala putung | akulita têmbaga | datan wande bêbalunge rêmak rêmpu | Tumênggung Gajahpramada | apan sampun angêmasi ||
33.029 santana kathah kang bela | sakarine lumayu mring Matawis | dhadhal barisira rampung | kambu marang ing dhadha | sira Arya Măndhalika maksih tarung | arame bêdhag-binêdhag | mungsuh ngurugi pêpati ||
33.030 wau Ki Tumênggung Dêmak | wus amingêr barise anèng wingking | maring kanan atêtulung | miwah wadya Japara | wong ing Lasêm Juwana sami têtulung | marang pabarisan kanan | gumrah suraking ajurit ||
33.031 Ki Dipati Cakraningrat | pan tinuduh samya têtulung jurit | nadhahi pangamukipun | Ki Arya Măndhalika | dèn urugi pêpati maksih akiwul | wadyanya Ki Măndhalika | dhomas tan mundur ing wèsthi ||
34. Durma
34.001 ramening prang ngalahkên duk Trunajayan | wong Mataram prang lali | Arya Măndhalika | rêmpêg pangamukira | tan wontên purun nadhahi | gêmpung suh sirna | wong Ngalagan lir bêlis ||
34.002 Arya Măndhalika asru asêsumbar | rêbutên ing ajurit | iki Măndhalika [2: 27] | gul-aguling Mataram | ingkang momong sri bupati | Prabu Ngalaga | hèh payo wong pasisir ||
34.003 baya uwis ungsum iwak dhorang mijah | kêrapa mring Matawis | hèh sêsêngkan anyar | kêmaruk karêpira | wijile wong bêdhog pitik | wiji wong kompra | mêngko dadi bupati ||
34.004 Suranata sira iku liwat ala | sira wus dèn bêciki | marang gustinira | Susunan ing Ngalaga | têka sira anglabuhi | Si Dêmak edan | ngèngèr ratu Kumpêni ||
34.005 ya ta kurda Ki Tumênggung Suranata | ngêmbat watang kumitir | mangsah saha bala | Ki Arya Măndhalika | tan gumingsir anadhahi | campuhing yuda | apanggih padha wani ||
133–134 dari 225