Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
135–136 dari 225
1.346–1.355 dari 2.243
| 34.017 | dene ingkang pêputra Pangran Pamênang | Pangran Silarong swargi | dadya prênah paman | lan Susunan Ngalaga | sigêgên kang nata baris | kang kawarnaa | Prabu Mangkurat nênggih || |
| 34.018 | enjing budhal saking pasanggrahanira | wau sri narapati | panganjuring lampah | pan sampun giniliran | Jangrana ing Surawèsthi | Surănggakara | lan sagung wong pasisir [2: 29] || |
| 34.019 | ingkang baris Parambanan katarajang | mawur ing kali Bêning | datan wontên lawan | lajêng lampahing bala | wus prapta ing kali Ajir | sri naranata | lawan bala Kumpêni || |
| 34.020 | Pajarakan sadalu dènnya gêgubah | enjing budhalan malih | tinata lampahnya | dene wus parêk mêngsah | panganjurira wus prapti | kikis nagara | ajêng-ajêngan jurit || |
| 34.021 | wong Ngalagan barise muntab balabar | anèng rana mêdali | ngalun-alun aglar | sêdya ngantêp ing yuda | sagunging wadya pasisir | akapang-kapang | karana dènnya baris || |
| 34.022 | pan angantos timbalane sri narendra | sagung para dipati | ya ta sri narendra | sampun ngaturan wikan | yèn ingkang rayi narpati | mêmpên nèng kitha | ngalun-alun miranti || |
| 34.023 | Sang Aprabu Mangkurat anata bala | pangawat kanan kering | ingkang munggèng dhadha | sampun samya siyaga | sagunging para bupati | nêmbang têngara | tambur kêndhang gong bèri || |
| 34.024 | awurahan pra dipati nata bala | wuwusên sri bupati | Prabu ing Ngalaga | prasamya nata bala | sagung têngaraning jurit | tunggul bandera | layu daludag sami || |
| 34.025 | kang anyêkêl sadaya wus sinalinan | milihi para mantri | kang sruwa prakosa | kinèn nyêkêl bandera | tuwin kagungan narpati | gula kêlapa | bupati kang nyêkêli || |
| 34.026 | pan wus tata kang wadya nêmbang têngara | mangkya Ki Gunturgêni | pan sampun ngisenan | miwah Kyai Subrastha | Kyai Pamêcut pan ugi | samya ngisenan | bupati kang jagani || |
135–136 dari 225