Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
135–136 dari 225
1.342–1.351 dari 2.243
| 34.013 | kawarnaa ingkang gêgubah tangkisan | gantya wuwusên malih | Sang Prabu Ngalaga | kang ana ing Prambanan | ginubêl kang para mantri | samya ngaturan | kondura marang puri || |
| 34.014 | Arya Măndhalika wau aturira | dhuh gustiku sang aji | suwawi kondura | nadyan ngantêpa yuda | anèng alun-alun benjing | sri naranata | nurut aturing dasih || |
| 34.015 | nulya budhal sang nata saha balanya | ingkang tinilar baris | anèng Parambanan | Răngga Wiradipura | kêkalih kancane mantri | lan Pulangjiwa | dadya kawaling baris || |
| 34.016 | sri narendra praptèng salêbêting kitha | ing alun-alun baris | Arya Măndhalika | têtindhihing ayuda | Jêng Pangran Panular tuwin | kang paman Pangran | Pamênang bèr kuwanin || |
| 34.017 | dene ingkang pêputra Pangran Pamênang | Pangran Silarong swargi | dadya prênah paman | lan Susunan Ngalaga | sigêgên kang nata baris | kang kawarnaa | Prabu Mangkurat nênggih || |
| 34.018 | enjing budhal saking pasanggrahanira | wau sri narapati | panganjuring lampah | pan sampun giniliran | Jangrana ing Surawèsthi | Surănggakara | lan sagung wong pasisir [2: 29] || |
| 34.019 | ingkang baris Parambanan katarajang | mawur ing kali Bêning | datan wontên lawan | lajêng lampahing bala | wus prapta ing kali Ajir | sri naranata | lawan bala Kumpêni || |
| 34.020 | Pajarakan sadalu dènnya gêgubah | enjing budhalan malih | tinata lampahnya | dene wus parêk mêngsah | panganjurira wus prapti | kikis nagara | ajêng-ajêngan jurit || |
| 34.021 | wong Ngalagan barise muntab balabar | anèng rana mêdali | ngalun-alun aglar | sêdya ngantêp ing yuda | sagunging wadya pasisir | akapang-kapang | karana dènnya baris || |
| 34.022 | pan angantos timbalane sri narendra | sagung para dipati | ya ta sri narendra | sampun ngaturan wikan | yèn ingkang rayi narpati | mêmpên nèng kitha | ngalun-alun miranti || |
135–136 dari 225