Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
137–138 dari 225
1.364–1.373 dari 2.243
| 34.035 | Sang Aprabu Mangkurat nindhihi bala | bêndhe tinitir-titir | apan Kyai Bicak | wau kang dipun asta | angungkung muni nèng langit [2: 31: langi...t] | kang pra dipatya | pasisir wani malih || |
| 34.036 | sigra mangsah wong pasisir awurahkan |[1] pra dipati ngawaki | sumahab kang bala | datan ngucap ajriha | dene wau sri bupati | Prabu Mangkurat | anindhihi ngajurit || |
| 34.037 | wong Ngalagan anglir danawa mamăngsa | pan samya ambêk pati | saking kèhing bala | lir udan tibèng rawan | singa kang tinrajang ngisis | ingkang tinilar | wurahan tangkêb malih || |
| 34.038 | ramening prang kunarpa sungsun atumpang | prasamya wuru gêtih | wadya ing Ngalagan | liwung pangamukira | saparane dèn tadhahi | saya kèh pêjah | wantu wonge sakêdhik || |
| 34.039 | Arya Măndhalika amangsah manêngah | pangulu lawan modin | kêtib rowangira | binendrong binêdhilan | wong Kumpêni angêdrèli | kathah kang pêjah | wau wadya Matawis || |
| 34.040 | Arya Măndhalika kalangkung sudira | pra dipati ngêbyuki | sinosog gudebag | sinawur lêmbing srampang | anging tan wontên nêdhasi | mring Măndhalika | langkung têguhirèki || |
| 34.041 | sakathahe ing braja datan tumama | mêksa dipun bêdhili | Arya Măndhalika | nadyan langkung kuwatnya | pan wus karsaning Hyang Widi | Ki Măndhalika | pan sampun angêmasi || |
| 34.042 | datan pasah kulite Ki Măndhalika | rêmuk bêbalungnèki | ngalumpruk wangkenya | kinarubut ing kathah | ya ta wau sri bupati | ngaturan wikan | yèn Măndhalika mati || |
| 34.043 | ya ta kurda Sri Narapati Ngalaga | pasuryanira andik | sêmutên kang jaja | sumung-sumung mukanya | atêdhak arsa ngawaki | wadyèng Ngalagan | sakarine [2: 32: sakari...ne] kang mati || |
| 34.044 | pan sadaya garêbêg sri naranata | ya ta sang nata aglis | nyandhak pêngawinan | Kyai Palèrèt ika | ingêmbat-êmbat kumitir | lir panjyatmaja | duk arsa aprang tandhing || |
137–138 dari 225
| 1 | awurahan. (kembali) |