Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34–35 dari 46
138–139 dari 225
1.377–1.386 dari 2.243
34.048 Arya Sindurêja umatur manêmbah | gusti arinta aji | angawaki yuda | langkung dening sudira | abdi dalêm pra dipati | samya lumajar | kagyat sri narapati ||
34.049 angandika Sang Aprabu Amangkurat | bocah piyaka aglis | hèh Amral dèn enggal | anaa wuriningwang | manawa prapta si adhi | Urawan sigra | nêmbah umatur aris ||
34.050 adhuh gusti paduka cucul rasukan | manawi rinta aji | pandung mring paduka | gusti dados punapa | wau kawula udani | rayi paduka | Kyai Plèrèt pinandhi ||
34.051 sri narendra mèsêm Urawan ginêga | sigra cucul kulambi | sang nata angliga | karêpus wus binucal | ya ta wau ingkang rayi | Prabu Ngalaga | angamuk marêpêki ||
34.052 kagyat mulat wau mring kang songsong jênar | duk wus pêrak [2: 33: pê...rak] kang rayi | pan ingulap-ulap | èstu yèn ingkang raka | sigra dènira wotsari | sing luhur kuda | sarwi ngingêr turanggi ||
34.053 cinamêthi turăngga nandêr anyongklang | saha balanirèki | dhadhal barisira | jêngkar Prabu Ngalaga | saking kitha ing Matawis | sawadyanira | kadya dhandhang sarawi ||
35. Dhandhanggula
35.001 mring Bagêlèn lorode sang aji | rangu-rangu lampahirèng marga | kang kacipta jro driyane | kang raka sang aprabu | langkung ngungun wau narpati | osiking tyas mangkana | wau sang aprabu | kayaparan polah ingwang | lamun ingsun sebaa mring kakang aji | isin mring wong tampingan ||
35.002 yèn tulusa mêmungsuhan mami | pasthi ingsun manggunga kasoran | kakang mas akèh balane | ewuhe atèn ingsun | kayaparan lêlakon iki | dadya putêk ing driya | wau sang aprabu | nèng paglaran pirêmbagan | lan kang paman apadene ingkang rayi | Pangran Arya Panular ||
35.003 lawan bala sakarining pati | pra prawira pan maksih tut wuntak |[1] andhèr seba ing gustine | ngandika sang aprabu | kayaparan tingkah puniki | Pangeran ing Pamênang | alon aturipun | anak prabu yèn sêmbada | ing Salinga wontên wong umadêg baris | dibya guna prawira ||
35.004 yèn sêmbada paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan dèn êbang sapatute | yèn angêntasi kewuh | sanggup milya karya narpati | ya ta sagung prawira | iyêg aturipun | mring Sang Pangeran Pamênang | yèn suwawi ngayonan rakanta aji | inggih sapisan êngkas ||
138–139 dari 225

 


1 wuntat. (kembali)