Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 46
140–141 dari 225
1.395–1.404 dari 2.243
35.013 tan winarna wau sri bupati | Kartasura gênti kawuwusa | ingkang wontên Salingane | Sang Prabu Ngalagèku | Raja Namrud ingkang nanggupi | ambêdhah Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | santana naking-sanak ||
35.014 pan ingajak umagut ing jurit | Raja Namrud tansah nănggakrama | nora ana wêkasane | dadya kagol tyasipun | Natèng Laga dèn sêmayani | anging Pangran Pamênang | sangêt aturipun | hèh nak prabu dipun sabar | sabudine tinurut Namrud puniki | malar dadia rowang ||
35.015 Natèng Laga wus uwas kang galih | sigra budhal saha balanira | marang Bagêlèn jujuge | sang nata akêkuwu [2: 36: akê...kuwu] | apan sampun anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya wau | senapatining ayuda | lan kang rayi Ki Arya Surajayèki | lawan Surănggakara ||
35.016 wong Bagêlèn kathah ingkang prapdi |[1] samya bêkta sagêgamanira | sampun dadi ing barise | sigra budhal sang prabu | kang bêbaris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura uninga | yèn dèn langgar wus campuh rame kang jurit | wong Kartasura wikan ||
35.017 yèn Jêng Sunan Ngalaga nindhihi | pan malêdug bala Kartasura | lumayu rêbut uripe | wadya Bagêlèn anglud | saparane maksih dèn ungsir | wus prapta ing Mataram | maksih dèn bêbujung | gêgaman ing Kartasura | anèng Pokak dènira atata baris | ya ta Sang Natèng Laga ||
35.018 anèng Mataram samadya sasi | wong Mataram akathah kang prapta | tinarik sadêdamêle | Pangran Panular wau | pan kinarya têtindhih malih | tan kantun lan kang raka | saparannya tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng Salinga bêbaris | milya Namrud sarèhnya ||
35.019 apan arsa jinunjung narpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila nut sabarang rèhe | warnanên Sang Aprabu | ing Ngalaga budhal tumuli | saking nagri Mataram | pan arsa umagut | dhumatêng ing Kartasura | baris agêng mangke panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya ||
35.020 lan kang raka Ki Tambakbayèki | wus ginitik kang baris nèng Pokak | dhadhal sumyur tanpa rèrèh | wadya Ngalagan anglut | dèn bêbujung Drêsanan prapti | angungsi [2: 37: angung...si] saparannya | prapta ing Dêlanggu | ingusir malah lumajar | praptèng Sanggung sampun malêbêt nagari | dêdamêl Kartasura ||
35.021 Natèng Laga lan sagunging baris | pan angêpung nagri Kartasura | wong desa wus anut kabèh | samya prapta anyuguh | apan lajêng tumut abaris | angêpung Kartasura | gantya kang winuwus | Sang Aprabu Amangkurat | ing nalika samana miyos tinangkil | andhèr kang wadyakuswa ||
35.022 pra dipati nung-anung nèng ngarsi | para upsir munggèng keringira | miwah Amral Hèlduwèl Brèh | Radèn Nrangkusumèku | munggèng ngabyantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun patikbra | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ngrabasèng ngêpung kitha ||
140–141 dari 225

 


prapti. (kembali)