Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
35–36 dari 46
141–142 dari 225
1.405–1.414 dari 2.243
| 35.023 | wontên Sanggung pakuwon rinta ji | panganjuring yuda wus anglanjak | sabèng piji wong Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | magut ing yayi êmas || |
| 35.024 | sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe tinitir munya angangkang | gong bèri umyung swarane | ponang tambur dhêrudhut | asanega kang pra dipati | miwah mayor kapitan | sanega ngranèku | sang nata ngrasuk busana | wus samêkta sagung ingkang pra dipati | kondur anata bala || |
| 36. Durma | |
| 36.001 | sigra budhal swaraning bala gumêrah | anglir robing jaladri | abra busananya | anglir prawata kobar | anggamêng wadya Kumpêni | alêlumbungan | tinundha wadya Bugis || |
| 36.002 | pra dipati pasisir samya tumingal | lawan [2: 38: lawa...n] măncanagari | wadya Kartasura | rumêksa wuri nata | lampahira sri bupati | ing Jabung prapta | ayun-ayunan jurit || |
| 36.003 | sigra mangsah wadyabala ing Ngalagan | angamuk golong pipit | anglir singa kurda | lir banthèng tawan brana | ngamuk mangrêmpak mangungkih | pan tinadhahan | mring wadya Kartawani || |
| 36.004 | campuhing prang sadaya sami sudira | wong Ngalagan mangungkih | apan tinadhahan | ing gurnat lan gurnada | masbun tuwin gutuk api | lir pendah gêlap | swaraning gurnat muni || |
| 36.005 | pan binendrong wong Ngalagan ing sanjata | pêtêng drèling Kumpêni | swaraning sunapan | anglir glagah kobaran | pêtêng dening kukus bêdhil | wadya Ngalagan | maksih sudirèng wèsthi || |
| 36.006 | wong pasisir angêbyuki kering kanan | wong Bagêlèn nadhahi | bubar ing payudan | dening wadya Ngalagan | agungsi baris Kumpêni | sri naranata | arsa ngawaki jurit || |
| 36.007 | wus tinabuh Ki Bicak munya angangkang | sigra mangsah sang aji | saha balakuswa | gêlare prit anêba | ing dhadha wadya Kumpêni | ing kering kanan | sagung wadya pasisir || |
| 36.008 | ramening prang wong Kartasura tumpêsan | Natèng Ngalaga nênggih | kèngsêr yudanira | dening karoban mêngsah | sasat karubuhan wukir | wadya Ngalagan | rêmpêk undurirèki || |
141–142 dari 225