Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 46
144–145 dari 225
1.438–1.447 dari 2.243
37. Mijil
37.001 gya winaos bêbukaning tulis | atur sêmbah ingong | ari nata prabu Ngalagane | kaatura marang sri bupati | ingkang angratoni | pan arja winangun ||
37.002 ulun ngaturakên pati urip | sri mapunggung katong | saking sangêt supe kula mangke | tan adarbe panêmbahan malih | gêntining rama ji | inggih kadang sêpuh ||
37.003 mangke punapa rèh paduka ji | sumăngga wak ingong | nadyan kurêbana ngabahane | tan suwala ing karsa narpati | gyaning pati urip | inggih kakang prabu ||
37.004 kadya jinait tyasing narpati | myarsa turing anom [2: 42] | sri narendra alon andikane | undhangêna sagung wadya mami | sun mapag si adhi | Soma budhalipun ||
37.005 duta sampun winangsulan tulis | Ki Kalêng wotsinom | lèngsèr saking ngarsaning sang rajèng | lampahira tan kawarnèng margi | ing Kuwêl wus prapti | gya tumamèng ngayun ||
37.006 atur sêmbah angaturkên tulis | marang sang raja nom | wus tinampan binuka nglamate | pèngêt iki bêbukaning tulis | katura ri mami | salam donganingsun ||
37.007 sira adhi angaturi tulis | wus katur maringong | sun tupiksa sapatêmbungane | ingsun tarima maring ing yayi | dene ingsun yayi | Soma ingsun mêthuk ||
37.008 Natèng Nglaga duk mirsa unining | kintèki sang katong | sakalangkung trustha ing driyane | Ki Urawan sigra dèn timbali | sinungan nupèksi | surate sang prabu ||
37.009 wadya Ngêlagan wus dèn undhangi | waos kinèn bongkok | datan wontên malanga karsane | tan cinatur laminirèng margi | wuwusên sang aji | kang karsa amêthuk ||
37.010 wus siyaga sagung pra dipati | gumrah swaraning wong | pra punggawa samya nangkil kabèh | para mantri anindhihi baris | barising Kumpêni | andhêndhêng lir mêndhung ||
144–145 dari 225