Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 46
147–148 dari 225
1.463–1.472 dari 2.243
37.026 ya ta sagung kang para dipati | kang ujung kêmroyok | sasampuning wangsul ing ênggone | anulya ingkang para upêsir | nung-anung Kumpêni | tabean sadarum ||
37.027 sinêngkalan sebaning narpati | maring raka katong | toya muluk obah sêsangkane |[1] ya ta samana budhal sang aji | gumêrah samargi | tan kawarnèng ênu ||
37.028 samapun rawuh sajroning nagari |[2] sang nata ngêdhaton | ingkang rayi wus sinung prênahe | padalêman wus katêmu dadi | sinungan lêlinggih | sabin kalih èwu ||
37.029 sabên enjing kinèn maring puri | maksih onêng katong | ya ta wau sang narpa kalihe | lagya onêng anèng panti-panti | sira narpa ari | alon [2: 45: alo...n] aturipun ||
37.030 amba punika kangmas rumiyin | sampun madêg katong | asêsilih Sunan Ngalagane | mangke lamun maksiha kang nami | saru praja aji | langkung nyaru wuwus ||
37.031 sang narpa raka suka nglingnya ris | adhuh ariningong | iya bênêr yayi ing wuwuse | sira muliha ngaran kang lami | Pangran Adipati | Kapugêran iku ||
37.032 ingkang rayi nuwun awotsari | tan lêngganèng katong | ya ta gantya kocap caritane | sagung para bupati pasisir | sakilèn Samawis | wus kinèn angurug ||
37.033 mring Salinga sagung pra dipati | atêngara bodhol | Adipati Têgal têtindhihe | lan Tumênggung Mangkuyuda nênggih | lan Natayuda ri | Surănggakarèku ||
37.034 timbalan dalêm yèn mênang jurit | yèn Si Namrud kawon | anak putune tumpêsên kabèh | ingkang mêtu lanang ywa na kari | kang para pawèstri | dèn boyonga iku ||
37.035 winatara wadya kang lumaris | nêmèwu gungnya wong | kang amatah tumbak bêdhil bae | pan kajawi pêpikul pakathik | tan kawarnèng margi | lampahira rawuh ||
147–148 dari 225

 


1 Tanggal: toya muluk obah sêsangkane (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. (kembali)
2 Lebih satu suku kata: sampun rawuh sajroning nagari. (kembali)