Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 46
148–149 dari 225
1.479–1.488 dari 2.243
| 38.005 | lawan balanjane duk ajurit | kang sinuhun sanggup ngulihêna | sarta Walănda rêgine | sakèhe mati pupuh | jêng susunan sanggup maringi | Amral pan wus pamitan | marang sang aprabu | ingkang jagani susunan | pan Walănda rongatus badhe jagèni | atugur Kartasura || |
| 38.006 | kang tinilar kapitan sagunggil |[1] litnanipun gih amung satunggal [2: 47: satungga...l] | pan satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe bala Kumpêni | saking ing Kartasura | Samarang jinujug | pan sarwi ngulari papan | ing Samarang pan arsa dipun lojèni | sarta idi sang nata || |
| 38.007 | tan winarna kang mancal jêladri | ingkang mulih maring Batawiah | sira Amral Hèlduwèl Brèh | gênti ingkang winuwus | ingkang bêbak kalih nagari | apan sadina-dina | swarane gumuruh | wadyabala Kartasura | pan sadina-dina gènnya nambut kardi | wisma myang pura nata || |
| 38.008 | ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatiring praja | dene wadya ing Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | apan wontên Pangran Dipati | ing Pugêr kang masesa | andadèkkên rêmbug | satêmah rêmbug mangkana | yèn maksih ya gusti tinunggal pra mantri | manawa nèk manawa || |
| 38.009 | kêna bineka ing para mantri | dadya atur rêmbaging wadana | sang prabu pangandikane | abênêr pikir iku | marmanipun adhimas dhingin | lawas tan arsa seba | marang jênêng ingsun | iya pambangusing bala | sri narendra kang rayi wus dèn timbali | Dipatya Pugêr prapta || |
| 38.010 | sri narendra angandika aris | hèh yayi mas dèn kaparèng ngarsa | marma sun undang dhèwèke | manira pan ayun wruh | ing wongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | ingsun arsa wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sadaya wadyane wus dèn timbali | tumamèng ngarsa nata || |
| 38.011 | kawan dasa cacahe pra mantri | samya taruna tur surèng rana | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apa iku [2: 48] wongira sami | sun dulu pelag-pelag | ing suwarnanipun | pantêse padha prawira | Pangran Pugêr umatur saha wotsari | inggih têtiyang lama || |
| 38.012 | yèn ta ajaa wongira lami | pasthi adhi sun pundhut sadaya | arsa sun kunjara kabèh | iku ingkang atuduh | lah puniku wongira lami | pasthine sun ngapura | yèn sira kang nanggung | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka aji | kawula tan suwala || |
| 38.013 | sri narendra angandika aris | ing Bagêlèn adhi ingsun pêcah | sun ikal sun lawe-lawe | sagung punggawanipun | kabèh padha duwea adhi | iya sawidak sewang | kang rayi wotsantun | sakalangkung anarima | pan sinigêg wau ta sri narapati | sampunnya ing antara || |
| 38.014 | nênggih wontên kang winuwus malih | Kapitan Êmur ing Batawiah | adarbe têtukon lare | pan lagya pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik ing warnanira | Kapitan Mur iku | salaminipun atumbas | rare iku Ki Kapitan Êmur prapti | dagang myang lungguhira || |
148–149 dari 225
| 1 | satunggil. (kembali) |