Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 46
156–157 dari 225
1.552–1.561 dari 2.243
| 39.024 | adhi sun peling ing sira | pan nagara Cirêbon iki cilik | nanging wingite kalangkung | yèn sirarsa mangsuka | lah tinggalêm[1] gêgamanmu kabèh iku | miwah sakèh rowangira | aja na anganggo kêris || |
| 39.025 | yèn nora tinggal gêgaman | nora kêna sira manjing nagari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane kabèh aturna maring sun | dene ingsun kang anggawa | manjingira mring nagari || |
| 39.026 | Ki Untung alon angucap | sabature kinon [2: 60: ki...non] srah tumbak kêris | saksana sinrahkên sampun | kabèh gêgamanira | Surapati mojar maring wadyanipun | kabèh padha tampanana | gêgaman tumbak lan kêris || |
| 39.027 | ya ta sampun tinampanan | kang awarni gêgaman tumbak kêris | sadaya sampun barundhul | Ki Untung rowangira | ri saksana Ki Surapati amuwus | adhi amung kari sira | durung asrah tumbak kêris || |
| 39.028 | Ki Untung alon aturnya | bok inggiha kyai dika alimi | dene rencang kula sampun | kapundhutan sadaya | mung kawula kiyai andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | wong anêdya ngungsi urip || |
| 39.029 | Ki Surapati anyêntak | apa têmên sira tan asrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn wangkot nut parentah | awèh ora êndi kêrismu sun pundhut | sira iki basakêna | mêndhak kalingan kaèksi || |
| 39.030 | apa nganti sun plaksana | ingsun gawa bêbandan mring nagari | kagyat miyarsa Ki Untung | madêg suraning driya | asru ngucap ora awèh kêris ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | têka ing rêraga mami || |
| 39.031 | lah iku sakarsanira | Surapati bramantya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung gya malumpat | sarwi ngucap mring wadyane sadayèku | hèh batur padha mirea | ingsun dhewe kang ngêmbari || |
| 39.032 | sira wis tanpa gêgaman | ri sêksana wong Carêbon ngêbyuki | sawênèh ana anyuduk | ana ingkang anumbak | Surapati nindhihi ing wadyanipun | lawunge ingêmbat-êmbat | Ki Untung datan gumingsir || |
| 39.033 | narik patrêm [2: 61: patrê...m] asta kanan | asta kiwa sampun anarik kêris | tangane kering ambunuh | tinumbak tan suminggah | wong Cirêbon kang kapatrêm kathah lampus | Ki Untung asru sêsumbar | payo kene Surapati || |
156–157 dari 225
| 1 | tinggalên. (kembali) |