Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 46
159–160 dari 225
1.582–1.591 dari 2.243
| 39.054 | gantya ingkang winursita | wong Kumpêni kang samya anututi | kèndêl tanah ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalor ngetan lampahipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni || |
| 39.055 | ajrih yèn ngungsira têbah | dene wêruh tandange yèn ajurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya wus kinèn kumpul | anèng Cianjur barisnya | sagunge kang para mantri || |
| 39.056 | Kumpêni parentahira | wong kang liwat samya kinèn nakèni | manawa luwih sapuluh | tan anggawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi || |
| 39.057 | wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kari pacak baris | wong Sundha para tumênggung | kang baris urut marga | yèn ta durung karuhan gyane Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubar ingkang baris || |
| 39.058 | ya ta wau kawuwusa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak mangidul | prapta tanah Toyamas | lèrèn dhukuh Ajibarang kang dinunung | pan dhusun ing Ajibarang | patingginira kêkalih || |
| 39.059 | apan samya kadangira | loro sanak kang anom Saradênti | Saradênta ingkang sêpuh | langkung anyuba-nyuba | mring têtamu laminira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | saksana ngadêg kang baris || |
| 39.060 | pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | ingkang ingadêgkên ratu | sampun ngêlar jajahan | kanan kering Ajibarang pan anungkul | tan ana wani anglawan [2: 65] | marang Prabu Saradênti || |
| 39.061 | yèn ana wani anglawan | gya ginêcak rêmpu tan ana wani | dadya kang kantun atakut | wus dadya barisira | amung kari jroning kitha dèrèng têluk | kantun Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit || |
| 39.062 | ya ta wau linampahan | Bun Jaladri panganjurirèng jurit | kitha Toyamas jinujug | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amăngga puliha | kontal saking ing nagari || |
| 39.063 | kèndêl sawetan Toyamas | ki tumênggung maksih apacak baris | nèng kali Jirak kêkuwu | wong wetan ing Toyamas | Panjêrngrema akumpul barisnya agung | Bun Jaladri kang winarna | ratune wus dèn boyongi || |
159–160 dari 225