Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 59
12–13 dari 323
117–126 dari 3.223
04.014 sapraptane Palèrèd agya sanega | ing alun-alun baris | tindhih Mandhalika | lan Pangeran Panular | Natèng Ngalaga jênêngi | lan ingkang paman [[f. 14v]] | Pangran Pamênang nênggih ||
04.015 kang pêputra kang aran Pangran Pamênang | Pangran Silarong swargi | myang sagung punggawa | Rahadèn Natabrata | nahan gantia winarni | Prabu Mêngkurat | samapta sawadya tri ||
04.016 injing budhal saking pakuwon Tangkisan | sumahab anèng margi | pangajêng Jangrana | lan Suranata Dêmak | Janapura Jêparèki | katri mênggala | ngirid sagung pasisir ||
04.017 wong Mataram kang abaris Parambanan | larut katrajang gusis | tan wani anglawan | lajêng wong Kartasura | wus prapta ing Kaliajir | sri naranata | tansah lawan Kumpêni ||
04.018 praptèng Pajarakan nata masanggrahan | injing budhal kang baris | lampahe tinata | dening wus parêkitha[1] | pangajêngira wus prapti | kikis nagara | surak anata baris ||
04.019 wong Kalagan agya sawega malatar | tanna nêdya mêdali | ngalun-alun aglar | gènnyarsa ngantêp ing prang | sagunging wadya pasisir | manjing ing praja | ing Karanon abaris ||
04.020 samya kèndêl angantèni kang timbalan | wus katur ing sang aji | yèn Natèng Ngalaga | datan mêdali yuda | mêmpên sadalêming puri | wadya punggawa | ngalun-alun angrakit ||
04.021 Radèn Anrangkusuma nata pangawat | kanan kalawan kèri | myang ingkang pangarsa | sigra sagung dipatya | anêmbang têngara atri | bêndhe angangkang | tambur kêndhang gong bèri ||
04.022 kadya gêrah surake ambal-ambalan | nahan ingkang kawarni [[f. 15r]] | prawara Kalagan | nata sikêping yuda | têngêran samya rinakit | tunggul bandera | lêlayu prang mêdali ||
04.023 umbul-umbul kang anyêkêl sinalinan | milih kang surèng pati | lan kang warêg dana | samya nyêpêng bandera | miwah têngêran narpati | gulakêlapa | pra mantri kang nunggoni ||
12–13 dari 323

 


1 parêk kitha. (kembali)