Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 59
14–15 dari 323
132–141 dari 3.223
| 04.029 | swaraning kang sanjata lir gunung rêbah | sagung wadya Matawis | sampun winangsitan [[f. 15v]: wi...nangsitan] | piyak ngèri anganan | gya Subrastha Gunturgêni | myang Kumbarawa | pamêcut Kumbarawi || |
| 04.030 | sinulêdan munya swarane lir gêlap | orêg ingkang pratiwi | brastha kang katrajang | atusan ingkang pêjah | lir pindah babadan pacing | sri naranata | duka marang Kumpêni || |
| 04.031 | hèh dèn aglis wong Kumpêni umangsaha | Amral sigra ngabani | mukul tambur agya | sinapan parêng munya | gumrudug lir ruging ardi | pangêdrèlira | tan agop wong Kumpêni || |
| 04.032 | sinipat ing mariyêm wong Kartasura | kadya babadan pacing | malêdug kang gêsang | tan amangga puliha | apanggah bala Kumpêni | akathah pêjah | miwah bala pasisir || |
| 04.033 | runtiking tyas sira Sang Prabu Mêngkurat | mangsah nindhihi dasih | Ki Bicak ingasta | tinabuh munya ngangkang | yayah anèng ing wiyati | sagung dipatya | kang ajrih wani maning || |
| 04.034 | mangsah malih wadya pasisir kumêrab | dipatine ngawaki | myang măncanagara | samya angantêp ing prang | tan ana angucap ajrih | nêlaskên sura | dening nata nindhihi || |
| 04.035 | wong Kalagan sadhiya prayêtnèng[1] baya | nêdya parêng ngêmasi | lawan gustinira | kêkathahan mêngsah |[2] katrajang ingarsa[3] gusis | tangkêp ing wuntat | manêmpuh kanan kèri || |
| 04.036 | ramening prang kunarpa susun atumpang | kang urip wuru gêtih | wadya ing Kalagan | lir macan kalangênan | saparane dèn tadhahi | saya kèh [[f. 16r]] pêjah | wong Kaum akèh mati || |
| 04.037 | sira Arya Măndhalika kinêmbulan | dening sagung dipati | sinosog ing watang | ganjur lan parampogan | sinawuran pasêr lêmbing | towok sêrampang | Măndhalika tan gingsir || |
| 04.038 | yèn pasaha ing braja Ki Măndhalika | wus[4] awor lawan siti | kalangkung têguhnya | nanging sampun angrasa | yèn nora kêlar nadhahi | nulya alênggah | mêgêng nafas ngêmasi || |
14–15 dari 323
| 1 | prayitnèng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: kêkathahan kang mêngsah. (kembali) |
| 3 | ing ngarsa (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: ngarsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 101.35.5). (kembali) |
| 4 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan suku. (kembali) |