Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 59
11–12 dari 323
105–114 dari 3.223
| 04.002 | Arya Măndhalika majêng asêsumbar | rêbutên ing ajurit | iki Măndhalika | dhangkèle wong Mataram | kang amomong sri bupati | barênga mara | hèh cêcindhil pasisir || |
| 04.003 | mêngko uga ungsume iwak amijah | mangsane kali banjir | kèh sasêngkan anyar | nora etang ing pêjah | kumaruk dadi priyayi | anak wong nyantrang | wuru dadi priyayi || |
| 04.004 | Kartajaya sira iku lir camêra | nora narima bêcik | pan wis angawula | ing Sinuhun Ngalaga | ing mêngko iki ambalik | Si Dêmak edan | têka ngèngèr Kumpêni || |
| 04.005 | amiyarsa Ki Tumênggung Suranata | bramatya langkung runtik | mangsah sikêp watang | saha nrêgakên wadya | Măndhalika anadhahi | kadya ampuhan | acampuh padha wani || |
| 04.006 | agêntoran kasaput dalu sêmana | sapih ingkang ajurit | Arya Măndhalika | ngungun sarêng miyarsa | yèn Gajahpramada mati | katur ing nata | langkung tikbra ing galih || |
| 04.007 | kawarnaa Kangjêng Susuhnan Mêngkurat | ing Tangkisan [[f. 14r]: Tangki...san] abaris | sumahab ing papan | pirang pandêlêng abra | miwah barising Kumpêni | alêlumbungan | tan adoh lan narpati || |
| 04.008 | pra punggawa sadaya sami ngandikan | andhèr ngarsa bêkti |[1] rahadèn apatya | matur saha wotsêkar | abdi paduka nêrpati | akathah pêjah | prajurit akèh kanin || |
| 04.009 | tandangipun rayi paduka Ngalaga | wignya sura matitis | myang wadyane samya | prawira ing ayuda | angandika sang siniwi | dhuh adhi êmas | wignya angadu dasih || |
| 04.010 | mangkeneya têtarunge wong Mataram | duk prang lan Sampang dhingin | kaya nora bêdhah | nagara ing Mataram | bala Makasar akêdhik | mangsa kangkata | angrurah ing Matawis || |
| 04.011 | ênêngêna ingkang makuwon Tangkisan | gêntia kang winarni | Sang Nata Ngalaga | kang anèng Parambanan | ginubêl ing para mantri | pan ingaturan | kondura maring puri || |
11–12 dari 323
| 1 | Kurang satu suku kata: andhèr ngarsa ngabêkti. (kembali) |