Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 59
14–15 dari 323
135–144 dari 3.223
04.032 sinipat ing mariyêm wong Kartasura | kadya babadan pacing | malêdug kang gêsang | tan amangga puliha | apanggah bala Kumpêni | akathah pêjah | miwah bala pasisir ||
04.033 runtiking tyas sira Sang Prabu Mêngkurat | mangsah nindhihi dasih | Ki Bicak ingasta | tinabuh munya ngangkang | yayah anèng ing wiyati | sagung dipatya | kang ajrih wani maning ||
04.034 mangsah malih wadya pasisir kumêrab | dipatine ngawaki | myang măncanagara | samya angantêp ing prang | tan ana angucap ajrih | nêlaskên sura | dening nata nindhihi ||
04.035 wong Kalagan sadhiya prayêtnèng[1] baya | nêdya parêng ngêmasi | lawan gustinira | kêkathahan mêngsah |[2] katrajang ingarsa[3] gusis | tangkêp ing wuntat | manêmpuh kanan kèri ||
04.036 ramening prang kunarpa susun atumpang | kang urip wuru gêtih | wadya ing Kalagan | lir macan kalangênan | saparane dèn tadhahi | saya kèh [[f. 16r]] pêjah | wong Kaum akèh mati ||
04.037 sira Arya Măndhalika kinêmbulan | dening sagung dipati | sinosog ing watang | ganjur lan parampogan | sinawuran pasêr lêmbing | towok sêrampang | Măndhalika tan gingsir ||
04.038 yèn pasaha ing braja Ki Măndhalika | wus[4] awor lawan siti | kalangkung têguhnya | nanging sampun angrasa | yèn nora kêlar nadhahi | nulya alênggah | mêgêng nafas ngêmasi ||
04.039 nora busèt sarirane Măndhalika | kakehan braja mandi | amarêngi ajal | marga saking akathah | katur dhatêng sri bupati | lamun Ki Arya | Măndhalika ngêmasi ||
04.040 kagyat mirsa Natèng Ngalaga bramatya | arsa ngawaki jurit | wus nitih turangga | Kyai Plèrèd ingasta | ingêmbat-êmbat kumitir | mangsah ing rana | sawadyarsa pêpulih ||
04.041 ingkang rayi Pangeran Arya Panular | tansah anèng ing wuri | lan Pangran Pamênang | Rahadèn Natabrata | Ki Arya Surajayèki | lan Tambakbaya | ngapit ngarsaning gusti ||
14–15 dari 323

 


1 prayitnèng (dan di tempat lain). (kembali)
2 Kurang satu suku kata: kêkathahan kang mêngsah. (kembali)
3 ing ngarsa (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: ngarsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 101.35.5). (kembali)
4 Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan suku. (kembali)