Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
46 dari 59
235–236 dari 323
2.346–2.355 dari 3.223
| 46.164 | wong Sampang lan Surabaya | barisira kandhêg anèng Gulathik | Ngabèi Lor wus acundhuk | lawan Susunan Êmas | lajêng tumut binêta ngetan sang prabu | wadya Kapakubuwanan | ngangsêg mring Madiun prapti || |
| 46.165 | barise wong Pranaraga | wus angumpul ing barisurawèsthi[1] | Susunan Mas lampahipun | kandhêg nagri ing Daha | baris kilèn mulih mring Kartasurèku | kang tinilar abarisa | sakèhe măncanêgari || |
| 46.166 | angajêngakên ing Daha | ênêngêna ikang sami abaris | ya ta wau kang winuwus | surate jendral prapta | Kartasura agya katur ing sang prabu | tinupiksa saungêlnya | mangkana ungêling tulis || |
| 46.167 | yèn suwawi karsa nata | Susunan Mas kang samun[2] tilar puri | ingusir saparanipun | miwah pun Surapatya | Pasêdhahan tinumpêsabrayanipun[3] | pasisir tuwan kêrigna | nuntêna lumakyèng jurit || |
| 46.168 | amukul ing Pasêdhahan | gih kawula ambantoni Kumpêni | nênggih dhomas kathahipun | mênggalaning ayuda | gih pun komasaris [[f. 213v]: komasa...ris] kang kawula tuduh | sang nata katujon ing tyas | rêmbug kang para dipati || |
| 46.169 | sêmana apagunêman | anèng pura lan sagung pra dipati | ing Sampang Surabayèku | Apatih Cakrajaya | lawan Kartanêgara samya nèng ngayun | Janapura Wirancana | angandika sang siniwi || |
| 46.170 | yayi mas Sampang ngluruga | Pasuruan mêtua ing pasisir | lor anjoga Surèngkewuh | komasarisêmarang[4] | ngirid Kumpni pasthi yèn mêtu ing laut | patêmona Surabaya | ngirida bocah pasisir || |
| 46.171 | têngên kêrigên kalawan | Si Jangrana kanthinên dadya tindhih | anadene putraningsun | Adipati Purbaya | angluruga mangetan ngirida sagung | pasisir kiwa mêtua | ing Pranaraga nêgari || |
| 46.172 | saparo wong Kartasura | kang milua ing sira ingsun kardi | senapatining prang tunggul | sarupaning gêgaman | pangranêmbah[5] sandika ing aturipun | panêmbahan prajangjeyan | lan Pangeran Purbayèki || |
| 46.173 | datan tulung-tinulungan | ing ayuda pangeran nêmbah amit | myang sagung nayaka mêtu | muliha sewang-sewang | tan kawarna ing dalu wuwusên esuk | sadaya sampun samapta | pangeran kang budhal dhingin || |
235–236 dari 323
| 1 | baris Surawèsthi. (kembali) |
| 2 | sampun. (kembali) |
| 3 | tinumpês sabrayanipun. (kembali) |
| 4 | Komasaris Sêmarang. (kembali) |
| 5 | pangran nêmbah. (kembali) |