Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46–47 dari 59
236–237 dari 323
2.356–2.365 dari 3.223
46.174 sinêngkalan [[f. 214r]: sinêngka...lan] tanpa guna | ngrasa wani sagung punggawa ngiring |[1] lampahe anjog Madiun | lajêng mring Êmbat-êmbat | Panêmbahan Madura ikang winuwus | budhal kalawan Dipatya | Jangrana ing Surawèsthi ||
46.175 angirid pasisir kanan | tan kawarna lampahira ing margi | praptèng nagri Surèngkewuh | komasaris wus nunggal | nulya budhal saking nagri Surèngkewuh | mring Pasuruan gumêrah | wadya kang mundur winêli[2] ||
47. Durma
47.001 dèn warnanên Dipati Wiranagara | sampun miyarsa warti | yèn wong ing Madura | wong Surabaya prapta | saking lèr lawan Kumpêni | Sang Adipatya | Wiranagara runtik ||
47.002 sigra nêmbang têngara wadya sawega | para putra pra mantri | sadaya wus prapta | miwah para santana | sumaos kang wadya Bali | samya gambira | padha sura ing pati ||
47.003 wadyèng Pasuruan kadya singa suta | arsa dèn wisayani | watara salêksa | warêg dana lan boga | gya budhal saking nêgari | Wiranagara | ginarêbêg ing dasih ||
47.004 pratèng nagri Bangil lagya nata bala | kawarna komasaris | lawan panêmbahan | nagri ing Bangil prapta | myang Jangrana komasaris | suka tumingal | ing mungsuh mapag jurit ||
47.005 wadyèng Pasuruan abaris [[f. 214v]: aba...ris] malatar | saksana komasaris | nata barisira | Kumpêni dadi dhadha | Panêmbahan Sampang kèri | Jangrana kanan | wong pasisir pinalih ||
47.006 sarêng nêmpuh wong Sampang wong Surabaya | Kumpêni sigra bêdhil | lir ruging parwata | panggah wong Pasuruan | tan ana ajrih ing bêdhil | ramening yuda | pêtêng kukusing bêdhil ||
47.007 wadyèng Pasuruan angamuk anêngah | tinadhahan Kumpêni | wadya Pasuruan | akathah kang palastra | Wiranagara ningali | wadya kèh pêjah | bramatya angawaki ||
47.008 ing ayuda kalawan kang para putra | miwah kang para mantri | wadya Bali mangsah | sumahab anèngarsa | tan ana ajrih ing pati | Wiranagara | angawaki nindhihi ||
236–237 dari 323

 


1 Tanggal: tanpa guna ngrasa wani (AJ 1630). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. Sangkala ini mengacu pada keberangkatan pasukan gabungan yang dipimpin Panêmbahan Madura, Jangrana, dan Adipati Purbaya dalam ekspedisi militer menuju Madiun dan Pasuruan. (kembali)
2 Winêling. (kembali)