Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
46 dari 59
230–231 dari 323
2.298–2.307 dari 3.223
| 46.116 | yêktinipun kirim surat | mring kawula yèn dika dèn timbali | sabên arsa mangkat mantuk | alfèrès datan suka | dènnya ngandhêg [[f. 208v]: ngandhê...g] sampun jangkêp kaping têlu | pangeran kaku tyasira | sêmana anuju runtik || |
| 46.117 | dilalah karsaning Suksma | ikang rama lami datan nimbali | pangran mêksa karsanipun | alfèrès nora suka | kajuwêtên Kumpêni dènira matur | pangeran anuju duka | dhasar priyayi bang-bang pring || |
| 46.118 | pangran supe subasita | dening arsa budhal dipun alangi | alfèrèsigra[1] sinuduk | aniba kapisanan | pangran budhal sawadya miwah kang ibu | kalangkung sungkawèng driya | samarga-marga anangis || |
| 46.119 | dening polahe kang putra | mandahane dêdukane sang aji | pangeran tan arsa mantuk | ing praja Kartasura | lampus ing tyas lajêng anggepak mring Kêdhu | aran desa Kabakalan | ikang arsa dèn kuwoni || |
| 46.120 | kacarita Kabakalan | dhusunipun ikang rama rumiyin | kala Kapugêranipun | ya ta sira Pangeran | Prangwadana sampun ngadêg barisipun | suyud wong Kêdhu sadaya | tan ana wani ngalangi || |
| 46.121 | muwah anglawana yuda | tan awani barisira andadi | awatara tigang èwu | glis katur ing sang nata | tuwin Amral wus atur dhatêng sang prabu | yèn Pangeran Prangwadana | nuduk Kumpêni upêsir [[f. 209r]: u...pêsir] || |
| 46.122 | sang nata kalangkung duka | gya parentah ing sagung pra bupati | Panêmbahan Madurèku | lan Dipati Jangrana | kine[2] bujung mring Susunan Mas kang sampun | kendhang saking purantara | prakwara[3] kalih wus amit || |
| 46.123 | Dipati Sujanapura | kang tinuduh maring Kêdhu mrih siwi | pangeran kinèn angipuk | wus mangkat saha wadya | sarêng budhalan[4] Dipati Surèngkewuh | kêrig pasisir sadaya | praptèng Bangkekan abaris || |
| 46.124 | kawarnaa ikang kendhang | Susunan Mas nèng Laroh tigang latri | Patih Sumabrata matur | yèn wadya ing Madura | prapta ngusir lawan wadya Surèngkewuh | susuhunan kagegeran | gya budhal sawadya ngiring || |
| 46.125 | mring Kaduwang karsanira | para mantri punggawa kèh kang bali | mring panêmbahan atundhuk | sadaya tinarima | ikang têluk sadaya katur ing prabu | kalangkung marwata suta | tyasira sri narapati || |
230–231 dari 323
| 1 | alfèrès sigra. (kembali) |
| 2 | kinèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 145.42.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.136.5). (kembali) |
| 3 | prawara. (kembali) |
| 4 | budhal lan (dan di tempat lain). (kembali) |