Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
46 dari 59
231–232 dari 323
2.306–2.315 dari 3.223
| 46.124 | kawarnaa ikang kendhang | Susunan Mas nèng Laroh tigang latri | Patih Sumabrata matur | yèn wadya ing Madura | prapta ngusir lawan wadya Surèngkewuh | susuhunan kagegeran | gya budhal sawadya ngiring || |
| 46.125 | mring Kaduwang karsanira | para mantri punggawa kèh kang bali | mring panêmbahan atundhuk | sadaya tinarima | ikang têluk sadaya katur ing prabu | kalangkung marwata suta | tyasira sri narapati || |
| 46.126 | nahan gantia kawarna | kang mring Kêdhu Sujanapura prapti | Kabakalan wus ingipuk | tan winarna ing solah- | ira pangran pan wus lilih manahipun | tutut mring Sujanapura | ngaturan kondur mring nagri || |
| 46.127 | Kartasura [[f. 209v]: Kartasu...ra] saha wadya | tigang èwu sikêpirèng ajurit | kajawi ikang pêpikul | tan kawarna ing marga | praptèng Kartasura katur ing sang prabu | kalangkung merang ing driya | kang putra kinèn nêlasi || |
| 46.128 | pangeran katrap ing kisas | pan linawe nèng masjid agêng nênggih | ibune bela ing sunu | kang myat asêmu waspa | ikang ngusir Susunan Mas kang winuwus | panêmbahan lan dipatya | samya katimbalan mulih || |
| 46.129 | maring praja Kartasura | dening putra wus adoh dènnya ngungsi | punggawa mantri kang têluk | binêta manjing praja | sarayate sadaya wusamya mantuk | kawarna sri naranata | miyosineba ing dasih || |
| 46.130 | pêpêk ikang wadyakoswa | Kya Tumênggung Cakrajaya Apatih | nèngarsa jajara lungguh | lan Panêmbahan Sampang | Adipati Jangrana ikang sumambung | Dipati Sujanapura | Citrasoma anambungi || |
| 46.131 | myang Tumênggung Jayaningrat | Wirancana lan Kartanêgarèki | pêpêk para punggawa nung | pasisir lèn santana | Pangran Arya Panular Arya Matarum | Pangeran Natakusuma | miwah ikang para siwi [[f. 210r]] || |
| 46.132 | pêpêk ingarsa narendra | samya nangkil myang Pangran Adipati | Anomêngkunêgarèku[1] | Pangeran Purubaya | lan kang rayi ajajar lênggah katêlu | Pangran Dipati Balitar | lan raka Pangran Ngabèi || |
| 46.133 | Pangeran Dipanagara | Pangran Tanpasanta jajar alinggih | angandika sang aprabu | yayi Mas Cakraningrat | kaya priye ana ngêndi anak prabu | kang dinangu atur sêmbah | ing Kaduwang kang dèn jogi || |
231–232 dari 323
| 1 | Anom Mêngkunêgarèku (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |