Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46 dari 59
220–221 dari 323
2.195–2.204 dari 3.223
46.013 Rahadèn Suradiningrat | Arya Jayapuspita lan Ki Panji | wus panggih padha panganjur | rame campuhing yuda | lawan Arya Banyakwidhe kanthinipun | sira Pangeran Balitar | lan Pangeran Surawèsthi ||
46.014 arame sêrang-sinêrang | satriya tri agya nangsah ngawaki | kang katrajang mawut-mawut | akèh mantri kang brana | têtunggule Pangran Balitar kaplayu | ngungsi jroning pabitingan | atur uninga ing patih ||
46.015 yèn mungsuh agêng kang prapta | Sumabrata [[f. 198v]: Sumabra...ta] akèn têngara bèri | bêndhe tinitir abarung | kêndhang gong asauran | wadya rakit samapta prayêtnèng kewuh | sagung wadya Kartasura | punggawarsa ngantêp jurit ||
46.016 Saragni wusamya minggah | ing palatar pasang mariyêm bêdhil | playangan kalantaka wus | rakit anèng palatar | sigra Radèn Suradiningrat kang rawuh | lan Arya Jayapuspita | sawadya miwah Ki Panji ||
46.017 Lamongan sarêng tumingal | yèn wong Kartasura wus abêbiting | tanpa wilangan wongipun | Arya Jayapuspita | asru angling mandhêga wong Surèngkewuh | iku dudu bobotira | aja ge angrangsang biting ||
46.018 ngantèni kang anèng wuntat | gaman gêdhe Amral lawan sang aji | Panji Surèngrana muwus | sampun kakehan akal | nadyan akèh wong Kartasura sun purun | dika nèng wuri kewala | mangke sun cacake dhingin ||
46.019 mungsuh puniki akathah | yèn tinimbang maksih kèh sihing aji | kang sampun samya dhumawuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat nambungi wuwus | alêrês kang Surèngrana | sigra angatag prajurit ||
46.020 wadya Madura sumahab | atanapi wadya ing Surawèsthi | golong [[f. 199r]: go...long] masah[1] parêng anduk | sigra wong Kartasura | pasang maryêm swarane lir prawata rug | kalantaka palayangan | sinapan sadaya muni ||
46.021 pêtêng kukusing sundawa | wadyèng Sampang Surabaya tan gingsir | binendrong bêdhil apêngkuh | nusup ing kukusamya[2] | ngrampid jagang binendrong bêdhil tan mundur | malumpat ing larèn jêmbar | angrangsang kang baluwarti ||
46.022 kawarnaa sri narendra | anèng wuri myarsa têngara atri | bêdhil lir prawata rubuh | surak ambal-ambalan | graita ji anarka yèn sampun campuh | ing yuda ikang pangarsa | marma ing tyasira aji ||
220–221 dari 323

 


1 mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
2 kukus samya. (kembali)