Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
46 dari 59
221–222 dari 323
2.204–2.213 dari 3.223
| 46.022 | kawarnaa sri narendra | anèng wuri myarsa têngara atri | bêdhil lir prawata rubuh | surak ambal-ambalan | graita ji anarka yèn sampun campuh | ing yuda ikang pangarsa | marma ing tyasira aji || |
| 46.023 | ginêlêk lampahing bala | wong Kumpêni andukap[1] Kalicacing | kandhêg nata barisipun | wong Sampang Surabaya | kang pangarsa katingalan ing sang prabu | gènira campuh ayuda | yèn samya angrangsang biting || |
| 46.024 | wadya Kartasura panggah | ambêdhili saking luhuring biting | wong Sampang akathah tatu | miwah wong Surabaya | Panji Surèngrana kagyat duk andulu | ing wadya akathah rusak | bramatyanira tan sipi || |
| 46.025 | sigra mudhun saking kuda | Radèn Suradiningrat datan kari | myang Arya Japuspitèku [[f. 199v]: Japuspitè...ku] | sarêng mangsah ing rana | asru mojar lah payo aja na mundur | wong Surabaya dèn agya | bubrahên kang baluwarti || |
| 46.026 | sumahab samya uminggah | baluwarti sakèh wong Surawèsthi | samya arambatan lawung | munggah biting palatar | wong ing Kartasura kalangkung apêngkuh | arame arêbut jagang | silih watang mati bêdhil || |
| 46.027 | tarung watang myang curiga | rame dêdêl-dinêdêl rêbut biting | ya ta wau sang aprabu | arsa ngawaki yuda | awlas mulat ing wadya gènira campuh | wong Madura surabaya | kangelan arêbut biting || |
| 46.028 | kawratan kakehan mêngsah | naradipa agya mêpak kang abdi | Pakubuwanan tap ngayun | Apatih Cakrajaya | saos karya lan Wirancanane ngayun | Wirasantika kalawan | Citrasoma ling sang aji || |
| 46.029 | hèh Subah ingsun atanya | kakangamu Si Mail ana ngêndi | kang tinanya nêmbah matur | abdi dalêm pun kakang | dawêg sakit kudhisên bêdhil ing suku | sangêtan[2] sagêd lumampah | sang nata gagêtun angling || |
| 46.030 | pinansthi karsaning Suksma | têka adoh daulate Si Mail | tan bisa dadi tumênggung | Apatih Cakrajaya | nêmbah nulya nata [[f. 200r]] wadya rêbat ngayun | natarsa ngawaki yuda | èsthining driya nêrpati || |
| 46.031 | lamun kasor ing ayuda | suka seda ing rana tan gumingsir | anêdya parênga lêbur | sagêrwa putra wadya | Ki Palèrèd pinusthi ing asta prabu | myang dhuwung Ki Mesanular | cinothe têdhak sang aji || |
221–222 dari 323
| 1 | andungkap. (kembali) |
| 2 | sangêt tan. (kembali) |