Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46 dari 59
222–223 dari 323
2.216–2.225 dari 3.223
46.034 sirarya Jayapuspita | saha wadya wus manjing jroning biting | lan Panji Surèngranèku | Radèn Suradiningrat | wadya parêng mudhun saking biting ngamuk | wus liwung anêdya pêjah | ki patih awas ningali ||
46.035 yèn wong Sampang Surabaya | wus akathah kang manjing jroning biting | sru duka mring pratiwa nung | ngadêg nrêgakên wadya | parêng mangsah pra mantri ngawaki [[f. 200v]] nêmpuh | prajurit Pakubuwanan | apanggah datan gumingsir ||
46.036 rame campuhing ayuda | gênti lawung wanèh agênti kêris | ana kang gêbuginêbug[1] | sinapan kalantaka | wong Madura Surabaya tandangipun | lir singa ngêlih mamăngsa | tan wangwang warastra lungid ||
46.037 rusak wadya Kartasura | Arya Jayapuspita lan Ki Panji | ngamuk nêngah ambêk lampus | sarira lir sinêkar | kasêmbur ing ludira awuru marus | prajurit ing Kartasura | pira-pira kangêmasi ||
46.038 swarane kadya ampuhan | sêsambating kanin myang kangêmasi | wangke wor susun atimbun | wong Sampang Surabaya | akèh mati nanging nora pinalaur | ingidak ing rewangira | rêbut mungsuhira giris ||
46.039 miwah kang dadi pangawat | panêmbahan angobongi ing Tingkir | myang Dipati Surèngkewuh | angawêt barisira | Ki Apatih Sumabrata was andulu | yèn liningkung kèri kanan | sigra angingêr turanggi ||
46.040 sakèhing punggawa mulat | yèn Apatih Sumabrata wus lari | dadya buyar rêbut dhucung | wadya lit asasaran | rêbut urip tunjang-tinunjang lumayu | wong Sampang [[f. 201r]: Sam...pang] surak gumêrah | kadya karêngèng wiyati ||
46.041 sinusulan ing sanjatan- | ing Kumpêni saya gugup kang lari | nahan gantia winuwus | sagung para santana | kang abaris tugur anèng ing Balêdug | Pangeran Arya Mataram | ikang dadi senapati ||
46.042 inguni wus prajangjeyan | lan kang putra pangeran sagah wani | ananggulang yudanipun | kang raka mila nata | mring kang paman kathah êbang-êbangipun | yèn tulus mênang ing yuda | Pangeran Arya Matawis ||
46.043 ginadhang lênggah salêksa | ing sang nata pan sampun aprajangji | sinung bang-bang alum-alum | dhêdhak mêranging Jawa | kasrah dhatêng kang paman mila asaguh | nanggulang prang gêng kang manah | Pangeran Arya Matawis ||
222–223 dari 323

 


1 gêbug-ginêbug. (kembali)