Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46 dari 59
220 dari 323
2.191–2.200 dari 3.223
46.009 nulya budhal saha wadya | satriya tri lintang gambirèng ati | gêgaman buri sumambung | Amral kang dadi dhadha | Panêmbahan Madura pangawatipun | asisih Ki Adipatya | Jangrana ing Surawèsthi ||
46.010 sang nata [[f. 198r]: na...ta] anulya budhal | ginarêbêg ing punggawa pasisir | nitih kuda Gulagêmpung | busana sarya muncar | wadya sura tan adoh lan gustinipun | marakit prayêtnèng baya | angèsthi parêngêmasi[1] ||
46.011 wadyèng Sampang Surabaya | sèwu ngapit-apit ing sri bupati | tan milu mring gustinipun | samya rumêksèng nata | wong pasisir sadaya ikang sumambung | kasambungan ing apatya | rumêksèng para gêrwa ji ||
46.012 umyang swaraning gamêlan | asri tinon katăndha tunggul asri | sumrêg kêrbêting[2] lêlayu | katêmpuh ing pawana | kang daludag bul-umbul kadya kêkuwung | gumêrgutandanging[3] wadya | kawarna cucuking jurit ||
46.013 Rahadèn Suradiningrat | Arya Jayapuspita lan Ki Panji | wus panggih padha panganjur | rame campuhing yuda | lawan Arya Banyakwidhe kanthinipun | sira Pangeran Balitar | lan Pangeran Surawèsthi ||
46.014 arame sêrang-sinêrang | satriya tri agya nangsah ngawaki | kang katrajang mawut-mawut | akèh mantri kang brana | têtunggule Pangran Balitar kaplayu | ngungsi jroning pabitingan | atur uninga ing patih ||
46.015 yèn mungsuh agêng kang prapta | Sumabrata [[f. 198v]: Sumabra...ta] akèn têngara bèri | bêndhe tinitir abarung | kêndhang gong asauran | wadya rakit samapta prayêtnèng kewuh | sagung wadya Kartasura | punggawarsa ngantêp jurit ||
46.016 Saragni wusamya minggah | ing palatar pasang mariyêm bêdhil | playangan kalantaka wus | rakit anèng palatar | sigra Radèn Suradiningrat kang rawuh | lan Arya Jayapuspita | sawadya miwah Ki Panji ||
46.017 Lamongan sarêng tumingal | yèn wong Kartasura wus abêbiting | tanpa wilangan wongipun | Arya Jayapuspita | asru angling mandhêga wong Surèngkewuh | iku dudu bobotira | aja ge angrangsang biting ||
46.018 ngantèni kang anèng wuntat | gaman gêdhe Amral lawan sang aji | Panji Surèngrana muwus | sampun kakehan akal | nadyan akèh wong Kartasura sun purun | dika nèng wuri kewala | mangke sun cacake dhingin ||
220 dari 323

 


1 parêng ngêmasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.11.7). Bandingkan: barêng ngêmasi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.11.7); barêng angêmasi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 143.11.7). (kembali)
2 kêrbèting. (kembali)
3 gumêrgut tandanging. (kembali)