Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
47–48 dari 59
248–249 dari 323
2.474–2.483 dari 3.223
| 47.117 | sabêdhahe nagara ing Pasuruan | tanbuh kang dipun ungsi | ya ta Susunan Mas | tansah apagunêman | lan sakèhing para mantri | kadya bramara | lagi angingsêp sari || |
| 48. Dhandhanggula | |
| 48.001 | sangêt sungkawanira ing galih | Susunan Êmas agya anduta | maring kumêndur mantrine | kêkalih kang dèn utus | ginawanan [[f. 224r]: ginawana...n] sêrat duta mit | mêsat datan kawarna | ing marga gya rawuh | nagara ing Surabaya | wus apanggih duta kalawan Kumpêni | angaturakên surat || |
| 48.002 | tinampan agya tinupiksani | wus kadhadha saunining surat | Susunan Êmas karsane | anungkul minta ampun | ing Kumpêni suka ing ati | kumênduris[1] angucap | hèh dutaning ratu | matura ing gustinira | lamun têmên-têmên arsa abêdhami | susunan lawan ingwang || |
| 48.003 | sun aturi tumêdhak tumuli | maring Surabaya yèn wis prapta | sun jurungi sakarsane | yèn arsa madêg Ratu | Kartasura iya Kumpêni | kangangkat[2] duta nata | anulya tinundhung | mulih sampun sinangonan | pinisalin mêsatan[3] kawarnèng margi | lampahing duta prapta || |
| 48.004 | ing Dhungulajêng[4] sumiwèngapti[5] | katur sadaya saaturira | kumêndur sawawêkase | langkung suka sang prabu | myarsa aturirèng Kumpêni | sang nata agya dangdan | sawadya myang sunu | kawarna Pangran Balitar | wus anduta maring Susunan Mas aglis | amundhut bêbarkatan || |
| 48.005 | waos Ki Baru lawan kulambi | Kyai Gondhil dhuwung Ki Balabar | bêndhe Ki [[f. 224v]] Bicak tunggile | duta lampahe rawuh | ing Dhungulan katur ing aji | ngandikan prapta ngarsa | manêmbah umatur | gusti kawula dinuta | ri paduka Pangran Balitar tur bêkti | konjuk ing pada nata || |
| 48.006 | lan amundhut wasiyating aji | sakathahe pusakaning Jawa | rama paduka kang akèn | rasukan waos dhuwung | lawan bêndhe Sunan Mas angling | sugal asêmu duka | ing netya arêngu | hèh warahên Si Sudama | yèn dhèwèke kinongkon ing paman aji | amundhut babêrkatan || |
| 48.007 | dèn antèkna yèn ingsun wis prapti | ing Surabaya ikang pusaka | kabèh padha sun srahake | iya maring gustimu | ingsun lagi arsa nindaki | marang ing Surabaya | lan sawadyaningsun | Kumpêni ngajak pêpanggya | lawan ingwang ing Surabaya bêdhami | duta mit nêmbah mintar || |
| 48.008 | saungkuring duta gya sang aji | budhal sawadya mring Surabaya | datan winarna lampahe | ing Surabaya rawuh | sigra mapag Kumpêni baris | urmat sampun apanggya | ingaturan mangsuk | mring praja amasanggrahan | susuhunan ing wismanira Dipati | Jangrana ngupasuba || |
| 48.009 | Kumpêni [[f. 225r]] urmat anglêliwati | myang Dipati Jangrana kaliwat | dènnya sêsugun ing raje | wratèng pakathik pênuh | enjing sore sêgah waradin | eca tyasing nayaka | Jangrana abukuh | sumiwèng ngarsa narendra | dènira mrih ecaning tyasira aji | myang Kumpêni ajaga || |
248–249 dari 323
| 1 | kumêndur ris. (kembali) |
| 2 | kang ngangkat. (kembali) |
| 3 | mêsat tan. (kembali) |
| 4 | Dhungul lajêng. (kembali) |
| 5 | sumiwèng ngapti. (kembali) |