Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 59
245–246 dari 323
2.446–2.455 dari 3.223
47.089 wus kabêdhah nagari ing Pasuruan [[f. 221v]: Pasuru...an] | wong guna ngrasa wani |[1] ya ta kawarnaa | Pangeran Purubaya | akalihan komasaris | manjing ing kitha | makuwon ing nêgari ||
47.090 kacarita alami nèng Pasuruan | wong cili akèh prapti | komasaris agya | akèn angularana | ing jisime Surati[2] |[3] sakèh ngastana | winalura tan kpanggih ||
47.091 kaku ing tyas komasaris undhang-undhang | ing sakèhing wong bumi | sapa kang nuduhna | sun wèhi satus reyal | sok katêmua kang jisim | wong Pasuruan | melik lali ing gusti ||
47.092 komasaris kalangkung suka ing driya | reyal wus dèn tampani | ing wong Pasuruan | komasaris agya |[4] tinuduhakên makaming | Wiranagara | rinata tan katawis ||
47.093 wus dèn dhudhuk jisimira Surapatya | gănda marbuk mrik wangi | pan ta maksih wêtah | kadya duk gêsangira | gawok sakèh kang ningali | nulya ginawa | mring pasanggrahan aglis ||
47.094 praptèng pasanggrahan agya ingurmatan | lininggihakên kursi | maryêm asauran | tambur bèri gumêrah | êdrèl sinapan kaping tri | sakèh [[f. 222r]] kapitan | lutnan alfèrès prapti ||
47.095 nandhak astaning layon atêtabean | ganti-ganti sarya ngling | sadaya mangkana | jawane dènnya mojar | hèh Kiyai Surapati | tuhu ta sira | prajurit mulya lêwih ||
47.096 lanang jaya lêlana mung sira uga | pasthi kalamun dadi | satruning Wêlănda | saturun-turunira | kang jisim nulya binêsmi | pan maksih wêtah | bramatya komasaris ||
47.097 ikang jisim siniram ing arak lawan | linêngan gajih babi | anulya ingobar | dahana gêng umasah | jisim pinangan ing api | gêsêng wus dadya | awu samya ingambil ||
47.098 sarupane Wêlănda wangkid sareyan | ngambil awuning jisim | komasarisuka[5] | nulya akèn akarya | loji ing Gêmbong nêgari | sawusnya dadya | jinaga ing Kumpêni ||
245–246 dari 323

 


1 Tanggal: wong guna ngrasa wani (AJ 1631). Tahun AJ 1631 jatuh antara tanggal Masehi: 4 April 1707 sampai dengan 23 Maret 1708. Lihat juga: wong têtiga ngrasa wani (AJ 1631) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.96.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.96.1); wong têtiga ngrasa tunggal (AJ 1631) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.96.1). Sangkala ini mengacu pada kemenangan pasukan gabungan VOC dan sekutunya atas Pasuruan, serta wafatnya Surapati dalam pertempuran tersebut. (kembali)
2 Surapati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.97.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.97.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.97.5). (kembali)
3 Kurang satu suku kata: ing jisime Surapati. Bandingkan: mring layone Surapati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.97.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.97.5); ing layone Surapati (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.97.5). (kembali)
4 Kurang satu suku kata: komasaris pan agya. (kembali)
5 komasaris suka. (kembali)