Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 59
255–256 dari 323
2.545–2.554 dari 3.223
48.071 sira jumênênga Adipati | Surabaya ja dadi tyasira | Ki Arya sapamyarsane | timbalanira prabu | waspanira adrês kang mijil | krodhanira sinapyan | wusnya arawat luh | sirarya Jayapuspita [[f. 233r]] | abêbisik marang Ki Sumabrata ris | kawula aturêna ||
48.072 yèn kawula sampun wruh ing wadi | pêjahe pun kakang adipatya | wong asikara margine | kawularsa angamuk | anglabuhi lawan kang dasih | Surabaya sadaya | abela ing pupuh | sêdyambyur tasik pawaka | yèn kalilan ing nata sadina mangkin | kawularsa ngrabasa ||
48.073 Sumabrata mêsat manjing puri | katur ing nata saaturira | sang nata èmêng driyane | animbali Pangulu | Suranata lan para Kêtih[1] | prapadikan sadaya | para tapa juru | kabèh kinèn andêdonga | ing Pangeran kapindho marang duta di | liliha ikang krodha ||
48.074 Sumabrata gya tinuding mijil | panggih lan Arya Jayapuspita | hèh Arya titbalan[2] raje | tan arsa yèn sirèku | maksih baris ing păncaniti | wikan mangkin yèn dika | wus mijil sawadu | Arya gya nolih ing wadya | bubar ikang baris gumalêndhêng mijil | lampahira atata ||
48.075 kadya amilang tindak aririh | tan ana lawung gathik satunggal | atatag têkan sikêpe | nora nana wong watuk | miwah ikang tolih-tinolih [[f. 233v]: tolih-tino...lih] | lan padha rewangira | arêmpêg ing laku | sapraptanira ing marga | sakiduling masjid gêng sarêng anolih | sakathahing gêgaman ||
48.076 majêng alun-alun dènnya baris | tan owah tataning kang gêgaman | sawiji tan ana mulèh | marang ing pondhokipun | gêgêr baris mêpêti margi | kadya prawata sêkar | katur ing sang prabu | langkung wagugên ing driya | dening Arya pêksanira lêbu gêni | bela ing kadangira ||
48.077 suka matia aprang lan kapir | dening kalintang dènnya niaya | Ki Arya sangêt hruntike[3] | mangkana sang aprabu | andhawuhi timbalan malih | Lurah Gandhèk wus mêdal | panggyarya dhumawuh | timbalanira narendra | hèh sirarya sira budhala tumuli | karsane sri narendra ||
48.078 abêngganga têkèng păncaniti | aja kasompokên barisira | sira amriha ombère | manawa sang aprabu | angrojongi maring sirèki | mangkya pan ora arsa | Ki Arya tumungkul | duk budhal saking pondhokan | lingsir kilèn anggêgêr baris ing margi | praptèng surup tan obah ||
48.079 budhal sawadya lampahira ris | ngalèr ngilèn atata lakunya | arêmpêg praptèng Pakundhèn [[f. 234r]: Paku...ndhèn] | kèndêl kasaput dalu | ana dutaning nata prapti | piyak sagung gêgaman | dutanira prabu | Ki Tumênggung Sumabrata | lan Ki Răngga Wanèngjiwa tan amawi | rewang adhadhêmitan ||
48.080 lan ambêkta tadhahan kêkalih | isi surat kalawan busana | wusamya pinaringake | lan arta kalih èwu | surat dalêm tinupiksa glis | saèsthine kadriya | Ki Arya asujud | sumungkêm anguswa tala | satangine Ki Arya asêmu tangis | sarwi atêbah jaja ||
255–256 dari 323

 


1 Kêtip. (kembali)
2 timbalan. (kembali)
3 runtike. (kembali)