Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 59
257–258 dari 323
2.562–2.571 dari 3.223
48.088 aparentah sang sri narapati | luwang karta Mataram kinarya | bumi gêdhe mulih gêdhe | myang Numbakanyar sèwu | wong Panumping Bumija bumi | samya ulih-ulihan | mantri guna rêtu | tunggal warsa Nginta-inta |[1] kacarita ana wong umadêg baris | awasta Ki Mas Dana ||
48.089 wus andadi agêng ikang baris | suyud kang wong Mataram sadaya | Mas Dana pangidhêpane | ingkang malang ginêpuk | gêgunungan desa samya jrih | agya katur ing Jaya- | winata agupuh | Ki Mas Dana linurugan | campuh ing prang Jayawinata kalindhih | wongira kathah pêjah ||
48.090 Dêmang Jayawinata anggêndring | palayune maring Kartasura | sêdya tur uningèng raje | Mas Dana kang winuwus | wus akarya punggawa mantri | akèh patinggi desa | kang nama tumênggung | wus andadi barisira | Dêmang Jayawinata ikang winarni | prapta ing Kartasura [[f. 235v]: Kartasu...ra] ||
48.091 agya katur dhatêng sri bupati | yèn mantune Gêdhe Pacukilan | ing mangke ngadêg barise | Nginta-inta gènipun | suyud sagung tiyang Matawis | sang nata langkung duka | gya kinèn anuduh | sakèhing nayaka jaba | nulya budhal ikang kinarya têtindhih | Pangeran Pringgalaya ||
48.092 timbalanira sri narapati | yèn Ki Dana kacandhak ing rana | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa wêruh | lan punaginira nêrpati | yèn prapta ing nagara | urip Ki Danèku | kinarya pangewan-ewan | rinampog ing êdom ring wong sanêgari | kawarna kang lumakya ||
48.093 Pangran Pringgalaya sawadya tri | praptèng Nginta-inta campuh ing prang | punggawa ngawaki kabèh | pan timbalan sang prabu | Pangran Pringgalaya ngawaki | wong karaman kèh pêjah | Mas Dana katumpu | kacandhak gêsang ginawa | mundur maring Kartasura wadya alit | akathah ingkang pêjah ||
48.094 kuwunira sampun dèn obongi | samya tinawan pawèstrinira | budhal tan wêktyan lampahe | ing Kartasura rawuh | katur ing sang nata sira glis | Dana kinèn ngugêra | ing waringin kurung | undhang kinèn [[f. 236r]: ki...nèn] angrampoga | êdom wong Kaparak ikang amiwiti | gumanti Gêdhong Kriya ||
48.095 wusnya Gêdhong nulya wadya Jawi | ingundhangakên wong sanêgara | gêdhe cili ngrampog kabèh | kacatur tigang dalu | tigang dina jisime maksih | gilang-gilang kinênthang | anèng alun-alun | sigra tinigas murdanya | wus pinanjêr gagêmbungira tumuli | pinêtak anèng indra ||
48.096 ganti warsa kang kawarna malih | martuwane Mas Dana kang pêjah | Gêgdhe[2] Pacukilan rane | katur dhatêng sang prabu | yèn ing mangke sêdya belani | ing mantu nêdya băngga | madêg barisipun | agya sira linurugan | ing punggawa Kartasura sapraptaning | Pacukilan apanggya ||
48.097 saking dorane kang atur uning | pan Ki Gêdhe datan munasika | sêmana arsa mêmule | Ki Gêdhe sangêt gugup | duk cinêkêl ing pra dipati | tinigas ikang murda | lan saanakipun | kabèh padha pinêjahan | tunggal warsa Kartanagara giningsir | saking lêlungguhira ||
257–258 dari 323

 


1 Tanggal: mantri guna rêtu tunggal (AJ 1633). Tahun AJ 1633 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Maret 1709 sampai dengan 1 Maret 1710. Lihat juga: gêni tiga winayang ing siti (AJ 1633) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.91.6–7); êni [gêni] tiga winayang ing siti (AJ 1633) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.91. 6–7). Bandingkan: hèr ning tiga kawayang ing siti (AJ 1634) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.90. 6–7). Sangkala ini mengacu pada pengangkatan Ki Mas Dana sebagai pemimpin pasukan di Mataram dan pertempurannya yang berujung pada penangkapannya oleh Pangeran Pringgalaya, serta kerusuhan yang menyusul di Kartasura. (kembali)
2 Gêdhe (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.100.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.99.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.100.3). (kembali)