Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
48 dari 59
258–259 dari 323
2.572–2.581 dari 3.223
| 48.098 | minarenan dènnya dadi patih | pan kinarya wadana panêkar | duk awindu sangkalane | warsa guna yag purun |[1] patih sampun dadi sawiji | Tumênggung Cakrajaya | gènira [[f. 236v]] ngalumpuk | anguyuni tanah Jawa | tunggil warsa duk Wirancana tinuding | mangun ing masjidêmak[2] || |
| 48.099 | sirapira kinèn anyalini | barang dandanan kang samya luwas | kinèn nyalinana kabèh | ginawan arta sèwu | tigang wulan laminya gèning | jênêngi wusnya rumat | mulih saha wadu | Ki Tumênggung Wirancana | anèng wisma tan alama angêmasi | sangêt angungunata[3] || |
| 48.100 | duk uripe Kya Wirancanèki | têtindhihing wadya Gêdhong Kiwa | Têngên miwah Kaparake | satunggal tunggulipun | putra nata Pangran Dipati | Balitar kang winarna | wau ikang lampus | Ki Tumênggung Wirancana | têtilare sawiji lu samya maksih | anom bodho ing karya || |
| 48.101 | milanipun ora anggêntèni | maring ramane karsa narendra | inganti dhingin dhêngêre | kinèn mulang ginadhuh- | akên dhatêng Kartanêgari | iku pakèning nata | gantia winuwus | pambalike ing Winongan | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | anggitik Pasuruan || |
| 48.102 | kang jumênêng Pasuruan nagri | akêkasih Tumênggung [[f. 237r]] Jadita | dadine kala bêdhahe | Pasuruan tinandur | dening iku ikang taliti | Ki Tumênggung Jadita | sêmana kaplayu | dening wadya ing Winongan | nagri Pasuruan sampun dèn anciki | marang Tirtakusuma || |
| 48.103 | sampun katur dhatêng sri bupati | yèn rahadèn ing Tirtakusuma | sampun yakin pambalike | sang nata sangêt bêndu | sêmana gya akèn anggitik | Kyai Tumênggung Karta- | nagara tinuduh | anglurugi Pasuruan | sakancane lan sagung wadya pasisir | wetan ingkang ginawa || |
| 48.104 | datan winarna lampahing margi | Tumênggung Kartanagara prapta | ing Winongan sakancane | campuh ing prang kalangkung | rame akèh wadya ngêmasi | kacatur tigang căndra | bêdhah kuthanipun | ing Winongan ingobaran | wêkaning Tirtakusuma lanang siji | lan pra rabi katawan || |
| 48.105 | putranira awasta Mas Khaji | Radèn Tirtakusuma lumalya | mring Lumajang pangungsène | wong Kartasura mundur | mulih datan kawarnèng margi | prapta gya pinêjahan | anèng alun-alun | sira Tumênggung Jadita [[f. 237v]] | dosanira tiwas angrêksa nêgari | wus ganti warsanira || |
| 48.106 | ya ta ikang kawarnaa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumanti kakange | amung seba samulud | wadya kinrig kacatur tulis | prajurit Surabaya | jangkêp tigang èwu | ingkang samya sasêliran | Saragêni rong nambang myang Talangpati | samya kre gagênderan || |
| 48.107 | sikêp mamas binang lawan jinggring | kapurancak lawan tumpêr ingas | wêrgu tulup lan bung ampèl | myang para mantrinipun | miwah arinira kêkalih | Apanji Surèngrana | ari kang wuruju | aran Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sewang kang prajurit | binêtèng Kartasura || |
258–259 dari 323
| 1 | Tanggal: warsa guna yag purun (AJ 1634). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. Bandingkan: warna têtiga [...] ratu (AJ 1[6]34) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.102.4). Sangkala ini mengacu pada pengangkatan Tumênggung Cakrajaya sebagai patih dan kemunduran Ki Gêdhe Pacukilan serta Wirancana dari kedudukannya, yang menandai perubahan kekuasaan di Kartanagara dan Pasuruan. (kembali) |
| 2 | masjid Dêmak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.101.10). Bandingkan: masigit Dêmak (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.102.10). (kembali) |
| 3 | angungun nata. (kembali) |