Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 59
257–258 dari 323
2.566–2.575 dari 3.223
48.092 timbalanira sri narapati | yèn Ki Dana kacandhak ing rana | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa wêruh | lan punaginira nêrpati | yèn prapta ing nagara | urip Ki Danèku | kinarya pangewan-ewan | rinampog ing êdom ring wong sanêgari | kawarna kang lumakya ||
48.093 Pangran Pringgalaya sawadya tri | praptèng Nginta-inta campuh ing prang | punggawa ngawaki kabèh | pan timbalan sang prabu | Pangran Pringgalaya ngawaki | wong karaman kèh pêjah | Mas Dana katumpu | kacandhak gêsang ginawa | mundur maring Kartasura wadya alit | akathah ingkang pêjah ||
48.094 kuwunira sampun dèn obongi | samya tinawan pawèstrinira | budhal tan wêktyan lampahe | ing Kartasura rawuh | katur ing sang nata sira glis | Dana kinèn ngugêra | ing waringin kurung | undhang kinèn [[f. 236r]: ki...nèn] angrampoga | êdom wong Kaparak ikang amiwiti | gumanti Gêdhong Kriya ||
48.095 wusnya Gêdhong nulya wadya Jawi | ingundhangakên wong sanêgara | gêdhe cili ngrampog kabèh | kacatur tigang dalu | tigang dina jisime maksih | gilang-gilang kinênthang | anèng alun-alun | sigra tinigas murdanya | wus pinanjêr gagêmbungira tumuli | pinêtak anèng indra ||
48.096 ganti warsa kang kawarna malih | martuwane Mas Dana kang pêjah | Gêgdhe[1] Pacukilan rane | katur dhatêng sang prabu | yèn ing mangke sêdya belani | ing mantu nêdya băngga | madêg barisipun | agya sira linurugan | ing punggawa Kartasura sapraptaning | Pacukilan apanggya ||
48.097 saking dorane kang atur uning | pan Ki Gêdhe datan munasika | sêmana arsa mêmule | Ki Gêdhe sangêt gugup | duk cinêkêl ing pra dipati | tinigas ikang murda | lan saanakipun | kabèh padha pinêjahan | tunggal warsa Kartanagara giningsir | saking lêlungguhira ||
48.098 minarenan dènnya dadi patih | pan kinarya wadana panêkar | duk awindu sangkalane | warsa guna yag purun |[2] patih sampun dadi sawiji | Tumênggung Cakrajaya | gènira [[f. 236v]] ngalumpuk | anguyuni tanah Jawa | tunggil warsa duk Wirancana tinuding | mangun ing masjidêmak[3] ||
48.099 sirapira kinèn anyalini | barang dandanan kang samya luwas | kinèn nyalinana kabèh | ginawan arta sèwu | tigang wulan laminya gèning | jênêngi wusnya rumat | mulih saha wadu | Ki Tumênggung Wirancana | anèng wisma tan alama angêmasi | sangêt angungunata[4] ||
48.100 duk uripe Kya Wirancanèki | têtindhihing wadya Gêdhong Kiwa | Têngên miwah Kaparake | satunggal tunggulipun | putra nata Pangran Dipati | Balitar kang winarna | wau ikang lampus | Ki Tumênggung Wirancana | têtilare sawiji lu samya maksih | anom bodho ing karya ||
48.101 milanipun ora anggêntèni | maring ramane karsa narendra | inganti dhingin dhêngêre | kinèn mulang ginadhuh- | akên dhatêng Kartanêgari | iku pakèning nata | gantia winuwus | pambalike ing Winongan | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | anggitik Pasuruan ||
257–258 dari 323

 


1 Gêdhe (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.100.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.99.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.100.3). (kembali)
2 Tanggal: warsa guna yag purun (AJ 1634). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. Bandingkan: warna têtiga [...] ratu (AJ 1[6]34) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.102.4). Sangkala ini mengacu pada pengangkatan Tumênggung Cakrajaya sebagai patih dan kemunduran Ki Gêdhe Pacukilan serta Wirancana dari kedudukannya, yang menandai perubahan kekuasaan di Kartanagara dan Pasuruan. (kembali)
3 masjid Dêmak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.101.10). Bandingkan: masigit Dêmak (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.102.10). (kembali)
4 angungun nata. (kembali)