Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 59
268–269 dari 323
2.675–2.684 dari 3.223
49.069 wong ing Kartasura kang anèng Sapanjang | ikang dèn sêsetani | tan bisa mèt pangan | sakèh wong Kartasura | yèn ajaa kanthi biting | kaya wus rusak | rinurah ing Apanji ||
49.070 ngiwad-ngiwud wonge Panji Kartayuda | pinarapat kang baris | bêdhug tiga prapta | angamuk amajupat | bakda subuh prapta maning | wong Kartasura | sêdhih sikêping jurit ||
49.071 ikang baris Sapanjang tan ana mangan | Kartayuda ngundhangi | wadya langlang marga | yèn ana wong dodolan | mring barisan dèn rampasi | nahan kawarna | Cakrajaya Apatih ||
49.072 parêmbagan lan kumêndur lingya patya | hèh kumêndure iki | nêdha mangsah ing prang | punapi ingantenan | nèng kene sampun alami | kumêndur [[f. 247r]] mojar | gih anêdha ki patih ||
49.073 gya Tumênggung Cakrajaya undhang-undhang | punggawa myang prajurit | kèn sayagèng ing prang | pratiwa gya têngara | umyang kêndhang gong lan bèri | sikêping yuda | sadhiya tata baris ||
49.074 mêdal saking biting wadya lit akarya | tingkês jagang wus rakit | pangajênging yuda | Kumpêni anèng têngah | mangka dhadhaning ajurit | Bugis Makasar | munggèng ngarsèng Kumpêni ||
49.075 ikang dadya pangawat kiwa Dipatya | Jayaningrat nindhihi | wong pasisir kiwa | têngêne Adipatya | Citrasoma Jêparèki | sira apatya | awor lawan Kumpêni ||
49.076 kadya mêndhung barising Kumpêni amyang | awor barising patih | pan tanpa wilangan | wong pasisir sumahab | asawang prawata sari | wadya ing Sura- | baya sawegèng jurit ||
49.077 têtindhihing baris arining dipatya | seje biyang namèki | gantyani kang raka | Angabèi Jangrana | anèm warnane apêkik | dhadhaning yuda | para kaum prang sabil ||
49.078 awatara pitung atus kathahira | kaum ing Surawèsthi | samya bajo pêthak | kadya kuntul sarawa | anyothe [[f. 247v]: anyo...the] pêdhang lan cundrik | asikêp watang | tan kêna wor kang baris ||
268–269 dari 323