Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49–50 dari 59
271–272 dari 323
2.703–2.712 dari 3.223
49.097 kacarita Apanji Wiranagara | darbe ari satunggil | ran Ki Agrayuda | nangis nungkêmi pada | miwah ikang para mantri | samya karuna | angaturi gumingsir ||
49.098 adhuh angungsia jroning pabitingan | patine sun andhêmi | paduka tulusa | jumênênga dipatya | Apanji micarèng ati | nadyan laria | măngsa wurunga mati ||
49.099 mandahane ucape dening adawa | saturun ingsun benjing | cinirèn ing nata | măngsarsa angingua | utamaning adipati | kang mati aprang | lingya hèh sanak mami ||
49.100 ingsun nêdya ambelani maring sira | para mantri Tatêgil | akiwul tan angsal | mantri ing Surabaya | lagya winong ing Hyang Widi | jinajayèng prang | ing rana tanpa tandhing ||
49.101 Kya Tumênggung Têgal kadya Partasuta | duk rinêbut ing jurit | ing Sata Korawa | sêntanane Apajya[1] | kawan dasa angêmasi | wong Surabaya | ikang mulat prihatin ||
50. Asmaradana
50.001 wadyabala ing Tatêgil | ikangampil[2] upacara | tumpês anèng ing ngarsane | Tumênggung Wiranêgara | jajanira krêp brana | dangu dènnya wuru marus [[f. 249v]: ma...rus] | aniba lajêng palastra ||
50.002 Mêranggo myang Saragêni | rongatus tumpês ing rana | parêng kalawan gustine | para mantri Surabaya | myat samya asmu waspa | ing kunarpane Tumênggung | Wiranagara Tatêgal ||
50.003 abagus lila ing pati | para mantri Surabaya | lèrèn samya nyalatake | nahan ikang kawarnaa | Apatih Cakrajaya | sawadyanira wus mundur | Kumpêni kalangkung rusak ||
50.004 angungsi sajroning biting | kumêdur[3] lawan apatya | tan kêna pisah ênggène | pangawatêngên[4] winarna | Dipati Citrasoma | mundur wadyanira mawur | akèh kang mati ing toya ||
50.005 sira Tohjaya Ngabèi | tumut ing pangawat kanan | arsa nanggulanga prange | kèlêsing wadya lumajar | kiwul-kiwul tan angsal | nulya misah lampahipun | anut kali sarewangya ||
271–272 dari 323

 


Apanjya. (kembali)
ingkang ngampil. (kembali)
kumêndur (dan di tempat lain). (kembali)
pangawat têngên (dan di tempat lain). (kembali)