Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 59
276–277 dari 323
2.754–2.763 dari 3.223
51.019 | wus kinarya kanthi Ngabèi Tohjaya | kinarya senapati- | ning wadya anglarag | samya ngulari pangan | sabên dina angsal pari | nahan kawarna | Pangeran Madurèki || |
51.020 | tinimbalan maring nagri Surabaya | maring apatih anging [[f. 253v]] | lagi manggih karya | aprang lan mantunira | Arya Dikara namèki | iku Dipatya | Pamêkasanagari[1] || |
51.021 | marganipun rabine Arya Dikara | purik dipun kukuhi | dhatêng Cakraningrat | milane dadi yuda | wadya Madura kalindhih | prajuritira | akèh ikang ambalik || |
51.022 | maring Arya Dikara Pangeran Sampang | èsmu kewran ing galih | arine kinarya | senapatining yuda | Dyan Suradiningrat aglis | mapag ing yuda | ngirid sagung prajurit || |
51.023 | budhal saking praja sapraptaning rana | radèn amalih kapti | supe kadang tuwa | arêbut kasinggihan | rêmbug lawan para mantri | kang tuwa-tuwa | Jangkewuh lan Jangpati || |
51.024 | nulya duta mring nagara Surabaya | wêwadul ing apatih | karsane kang raka | ingaturkên balila | ing nata sêdya ambalik | dutane prapta | tundhuk lawan apatih || |
51.025 | sampun katur saature Radèn Sura- | diningrat ing apatih | yèn kang raka băngga | kait lan Surabaya | sêdya mungsuh ing sang aji | lamun sêmbada | ing karsa jêng ki patih || |
51.026 | gih kawula sagah angrêmêd pun kakang | dening salah ing gusti | kalintang kawula | malangi [[f. 254r]] tan ginêga | kèh wêwadulirèng patih | Rahadèn Sura- | diningrat myang Kumpêni || |
51.027 | suka ing tyasira Kyai Cakrajaya | myang nayaka Kumpêni | Atmral gya putusan | maring Kumpêni kapal | Kapitan Kartas namèki | kinèn jathoka | muwarèng Madura glis || |
51.028 | miwah wadya Sumênêp wus dhinawuhan | bantonana ing jurit- | ira Radèn Sura- | diningrat ing Madura | duta wus tinulak aglis | praptèng Madura | katur sawlinging patih || |
276–277 dari 323
1 | Pamêkasan nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.169.7). Bandingkan: Pamêkasan nêgari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 148.168.7). (kembali) |