Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 59
278–279 dari 323
2.779–2.788 dari 3.223
51.044 | cinarita Kumpêni sakapal têlas [[f. 255v]] | akêdhik ingkang kari | amung gala-gala | kang dèrèng tinarajang | maksih ngagêm sogok bêdhil | pangran wusayah[1] | dipun amuk gêgitik || |
51.045 | tinubruk ing kursi pangran tiba lênggah | lajêng dipun popori | myang kang para putra | pêjahe ginitikan | pangeran pêjah alinggih | lajêng tinigas | binêktèng Surawèsthi || |
51.046 | jisimira linabuh anèng sêgara | Kumpêni ikang kari | glis alayar marang | Surabaya kawarna | kang anglud bali pasisir | Rahadèn Sura- | diningrat saha dasih || |
51.047 | sampun angêbroki purantarèng raka | kawarnaa Kumpêni | praptèng Surabaya | panggih kalawan Amral | myang Cakrajaya Apatih | katur sasolah- | ira maring apatih || |
51.048 | duk aprangya[2] palwa langkung ngungunnya Mral | asru jêtungya[3] patih | dening andêling prang | sira Kapitan Kartas | Kya Cakrajaya wus nuding | tur uning nata | tan kawarna ing margi || |
51.049 | praptèng Kartasura tumundhuk ing nata | katur surating patih | tinupiksèng nata | ngungun duta tinulak | kadhahar aturing patih | sampun sinungan | angsul-angsuling tulis || |
51.050 | lan nawalanira Dyan [[f. 256r]: Dya...n] Suradiningrat | tinêdhakên[4] duta glis | mintar tan kawarna | ing marga lampahira | praptèng nagri Surawèsthi | panggih apatya | katur sasolahnèki || |
51.051 | langkung suka Cakrajaya agya duta | mring Madura nimbali | Dyan Suradiningrat | kinèn angriga wadya | Madura nulia prapti | ing Surabaya | gya budhal saking nagri || |
51.052 | Radèn Suradiningrat sawadyanira | prapta ing Surawèsthi | tundhuk lan apatya | atanapi lan Amral | myang te nayaka pasisir | pênuh ingarsan- | ira rêkyana patih || |
51.053 | Radèn Suradiningrat gya pinatêdhan | nawalaning narpati | gènnya pinatêdhan | nagara ing Madura | lawan sinungan kêkasih | jinungjung nama | Cakraningrat Dipati || |
278–279 dari 323
1 | wus sayah. (kembali) |
2 | aprangnya. (kembali) |
3 | jêtungnya. (kembali) |
4 | tinêdhakkên. Bandingkan: pinatêdhakkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 148.200.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.200.2). (kembali) |