Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 59
279 dari 323
2.781–2.790 dari 3.223
51.046 jisimira linabuh anèng sêgara | Kumpêni ikang kari | glis alayar marang | Surabaya kawarna | kang anglud bali pasisir | Rahadèn Sura- | diningrat saha dasih ||
51.047 sampun angêbroki purantarèng raka | kawarnaa Kumpêni | praptèng Surabaya | panggih kalawan Amral | myang Cakrajaya Apatih | katur sasolah- | ira maring apatih ||
51.048 duk aprangya[1] palwa langkung ngungunnya Mral | asru jêtungya[2] patih | dening andêling prang | sira Kapitan Kartas | Kya Cakrajaya wus nuding | tur uning nata | tan kawarna ing margi ||
51.049 praptèng Kartasura tumundhuk ing nata | katur surating patih | tinupiksèng nata | ngungun duta tinulak | kadhahar aturing patih | sampun sinungan | angsul-angsuling tulis ||
51.050 lan nawalanira Dyan [[f. 256r]: Dya...n] Suradiningrat | tinêdhakên[3] duta glis | mintar tan kawarna | ing marga lampahira | praptèng nagri Surawèsthi | panggih apatya | katur sasolahnèki ||
51.051 langkung suka Cakrajaya agya duta | mring Madura nimbali | Dyan Suradiningrat | kinèn angriga wadya | Madura nulia prapti | ing Surabaya | gya budhal saking nagri ||
51.052 Radèn Suradiningrat sawadyanira | prapta ing Surawèsthi | tundhuk lan apatya | atanapi lan Amral | myang te nayaka pasisir | pênuh ingarsan- | ira rêkyana patih ||
51.053 Radèn Suradiningrat gya pinatêdhan | nawalaning narpati | gènnya pinatêdhan | nagara ing Madura | lawan sinungan kêkasih | jinungjung nama | Cakraningrat Dipati ||
51.054 ingestrenan marang sagunging punggawa | lan Amral ajurungi[4] | lajêng samya nadhah | lan sagunging punggawa | ngiras parêmbagan jurit | Amral angucap | mring Cakrajaya Patih ||
51.055 kadyaparan karsanta masalahing prang | ing mangke wus alami | sêdhêng mangsah ing prang | kawula pan wus angsal | tilik jayaning ajurit | sêdhêng ing mangkya | mangsaha ing prang malih [[f. 256v]] ||
279 dari 323

 


aprangnya. (kembali)
jêtungnya. (kembali)
tinêdhakkên. Bandingkan: pinatêdhakkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 148.200.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.200.2). (kembali)
anjurungi. (kembali)