Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 59
275 dari 323
2.741–2.750 dari 3.223
51.006 pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | gènira angêmasi | wong ing Kartasura | samya angrês ing nala | sarêng wayah têngah wêngi | bubar sadaya | akèh kari ing margi ||
51.007 enjing agya Panji Surèngrana prapta | lan Kartayuda Panji | wong măncanagara | samya nungkul sadaya | lajêng dèn kon anututi | marang ing wadya | Kartasura kang lari ||
51.008 mêdal ing Garêsikang padha lumajar | akèh kacandhak margi | wong ing Kartasura [[f. 252v]: Kar...tasura] | samya anjog Sêmarang | Apanji Surèngrana glis | bali mring prajan- | ira Nglamongan malih ||
51.009 nahan Panji kawarna Amral Baritman | prapta ing Surawèsthi | kang dèn irid wadya | Kumpêni rong bragada | lan kumêndur wus apanggih | miwah apatya | tutur asor ing jurit ||
51.010 myang kumêndur bilang apês ing ayuda | Kumpêni akèh mati | Amral susah ing tyas | binanting topinira | amundhut sêmprong tumuli | sigra winawas | nagarèng Surawèsthi ||
51.011 Amral ebat angucap goyang kapala | nulya amundhut pari | ginantungarsanya[1] | Amral lamun akarsa | mangan nulya nisil pari | yèn turu nungsang | angsal ing tigang latri ||
51.012 nulya Amral angucap marang apatya | nagara Surawèsthi | langkung dening awrat | lawasun[2] andon aprang | ambêdhah sakèhing nagri | pan ora wêgah | gèn ingsun andon jurit ||
51.013 anging mangke kalintang èmênging manah | yèn aja anglakoni | ayahaning nata | yêkti sunuli[3] nulak | mulih marang ing Batawi | nora kaduga | bêdhahing Surawèsthi ||
51.014 nanging mangke ki patih atur kawula | sampun alit ing ati [[f. 253r]] | inggih pirabara | wontên pitulung Alah | lawan barkating narpati | nagri ing Sura- | baya bêdhah ing kami ||
51.015 Ki Tumênggung Cakrajaya parêmbagan | lanayaka[4] pasisir | sapa kang prayoga | ingutus amèt pangan | matur sagunging bupati | ikang prayoga | pun Tohjaya Ngabèi ||
275 dari 323

 


ginantung ngarsanya. (kembali)
lawas sun. (kembali)
sun nuli. (kembali)
lan nayaka. (kembali)