Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52–53 dari 59
281–282 dari 323
2.807–2.816 dari 3.223
52.016 saking nagri Bali rannya | Murah Panji Balèlèng ikang prapti | anggawa prajurit sèwu | milane praptèng Jawa | iya Panji Surèngrana ikangipuk[1] | bang-êbang kang anèng layang | akathah wagêding Panji ||
53. Durma[2]
53.001 nguni Dewa Kaloran kang dipun sraya | wus mutung angsal malih | sêmana apanggya | Apanji Surèngrana | myang Panji Kartayudèki | anèng ing desa | kapraban gènnya panggih ||
53.002 pan sinuba-subarsa ginawèng praja | sang dipati tan apti | tan eca tyasira | suka ngadu ulama | arsa dipun pitambuhi | srayane ika | ewuh manawa mutik ||
53.003 marma ikang rayi bae karo pisan | ikang samya manggihi | mring Ki Murah Panjya | karsanira dipatya | kalamun kasor ing jurit | Ki Murah Panjya | badhe kang dipun ungsi ||
53.004 dadya suda pangandêle maring Alah | lali kudrating Widi | ngandêl sami jalma | suda yonining yuda | duk srayane durung prapti | wisma katiban | ing gurnat gutuk api ||
53.005 tan tumama wismane wong Surabaya | mangke akèh [[f. 258v]] kabêsmi | kawarnaa Amral | lawan rêkyana patya | lan kumêdur pra upêsir | aparêmbagan | myang sagung pra dipati ||
53.006 asru mojar kumêndur maring apatya | hèh kadyaparan iki | manggung mangkeneya | ing prang datanpa wêkas | pira kèhing obat mimis | lamun manggunga | babêdhilan pribadi ||
53.007 sun watara sawindu măngsa uwisa | yèn maksiha prang bêdhil | nêdha aprang dhadha | wong Kumpêni akathah | miwah prajurit pasisir | kurang lah apa | kya patih angrojongi ||
53.008 miwah Amral rêmbag agya undhang-undhang | mring prajurit Kumpêni | myang rêkyana patya | undhang-undhang punggawa | têngara muni kaping tri | sagung gêgaman | budhal saking jro biting ||
53.009 wong Kumpêni anggarêgutandangira[3] | tata lampahing baris | tingkês jagang ngarsa | amuk kang jinaganan | Jayapuspita winarni | myarsa atata | ngalun-alun abaris ||
281–282 dari 323

 


ingkang ngipuk. Bandingkan: kang angipuk (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.17.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.18.5). (kembali)
Nama pupuh ini tercantum dalam naskah sebagai "salin Durma", ditulis di atas baris untuk menandai perubahan metrum. (kembali)
anggarêgut tandangira. (kembali)