Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
53 dari 59
281–282 dari 323
2.808–2.817 dari 3.223
53. Durma[1] | |
53.001 | nguni Dewa Kaloran kang dipun sraya | wus mutung angsal malih | sêmana apanggya | Apanji Surèngrana | myang Panji Kartayudèki | anèng ing desa | kapraban gènnya panggih || |
53.002 | pan sinuba-subarsa ginawèng praja | sang dipati tan apti | tan eca tyasira | suka ngadu ulama | arsa dipun pitambuhi | srayane ika | ewuh manawa mutik || |
53.003 | marma ikang rayi bae karo pisan | ikang samya manggihi | mring Ki Murah Panjya | karsanira dipatya | kalamun kasor ing jurit | Ki Murah Panjya | badhe kang dipun ungsi || |
53.004 | dadya suda pangandêle maring Alah | lali kudrating Widi | ngandêl sami jalma | suda yonining yuda | duk srayane durung prapti | wisma katiban | ing gurnat gutuk api || |
53.005 | tan tumama wismane wong Surabaya | mangke akèh [[f. 258v]] kabêsmi | kawarnaa Amral | lawan rêkyana patya | lan kumêdur pra upêsir | aparêmbagan | myang sagung pra dipati || |
53.006 | asru mojar kumêndur maring apatya | hèh kadyaparan iki | manggung mangkeneya | ing prang datanpa wêkas | pira kèhing obat mimis | lamun manggunga | babêdhilan pribadi || |
53.007 | sun watara sawindu măngsa uwisa | yèn maksiha prang bêdhil | nêdha aprang dhadha | wong Kumpêni akathah | miwah prajurit pasisir | kurang lah apa | kya patih angrojongi || |
53.008 | miwah Amral rêmbag agya undhang-undhang | mring prajurit Kumpêni | myang rêkyana patya | undhang-undhang punggawa | têngara muni kaping tri | sagung gêgaman | budhal saking jro biting || |
53.009 | wong Kumpêni anggarêgutandangira[2] | tata lampahing baris | tingkês jagang ngarsa | amuk kang jinaganan | Jayapuspita winarni | myarsa atata | ngalun-alun abaris || |
53.010 | kang kinarya pangawatêngên arinya | ran Jangrana Ngabèi | pangawate kiwa | sira Jaka Tangkêban | ing dhadha Sang Adipati | Jayapuspita [[f. 259r]: Jayapuspi...ta] | pra kaum dèn tindhihi || |
281–282 dari 323
1 | Nama pupuh ini tercantum dalam naskah sebagai "salin Durma", ditulis di atas baris untuk menandai perubahan metrum. (kembali) |
2 | anggarêgut tandangira. (kembali) |