Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 59
280–281 dari 323
2.796–2.805 dari 3.223
52.005 Kumpêni lawan apatya | wusnya cêlak kitha atata biting | Kumpêni amasang ulur | maryêm [[f. 257r]: mar...yêm] samya pinarnah | ing palatar Baluwartine aluhur | wadya pasisir gumêrah | samya ngangsêgakên biting ||
52.006 wong Surabaya umulat | ing mungsuhe angangsêgakên biting | gya angangsahakên wadu | minggah maring palatar | campuh bêdhil-binêdhil pating jalêgur | surake ambal-ambalan | dangu dènnya campuh bêdhil ||
52.007 Dipati Jayapuspita | eca gènnya ningali wadya jurit | pinarêk anèng ing panggung | munggangira angangkang | anèng panggung Amral asru dènnya muwus | sarwi anggoyang kêpala | lah mara sipatên aglis ||
52.008 panggunge gya susulana | ing gurnada kang bisa tiba têbih | sigra binendrong kang panggung | wadya ing Surabaya | malês bêdhil swarane lir prawata rug | kacarita pitung dina | prang mariyêm siyang latri ||
52.009 pawismaning Surabaya | dalu padhang drês ikang gutuk api | ubyaring mimis lumaku | wadya ing Surabaya | datan ana miris miwah ikang tunggu | biting enak amêmaca | kang tatêmbangan manyanyi ||
52.010 yèn wayah pukul sawêlas | wong wadone padha prapta angirim | ing lakine ingkang tunggu | biting Kumpêni mulat | agya samya apasang maryêm [[f. 257v]: mar...yêm] lan masbum | wanita akèh sinipat | tan kandhêgènnya[1] lumaris ||
52.011 eca dènnya ulah tindak | gendhong sumbul cèrètira cinangking | Kumpêni eram adulu[2] | wong desanya andina | padha prapta manjing kitha myang wong kaum | samyarsa nanggulang ing prang | naur sihirèng dipati ||
52.012 marma wong desa mangkana | lampahira inguni sang dipati | undhang-undhange kalangkung | kabèh wong padêdesan | ukur bisa sêmbahyang nora pinupu | pêthèk lan pangawang-awang | luput sakaliring kardi ||
52.013 nadyan ta sadesa pisan | lamun padha sêmbahyang jalu èstri | sadesa pisan ya luput | pêthèk pangawang-awang | luput gawe atanapi takêr turun | sadaya kadi mardika | malah atampi pêparing ||
52.014 mintir nyamping myang rasukan | marma wadya samya suka ngêmasi | nguni wong Surabayèku | apêpaku bismilah | sami gulang palak binas lawan kulhu | akèh ambêncana tabat | kinarya panulak kardi ||
280–281 dari 323

 


kandhêg gènnya. (kembali)
andulu. (kembali)