Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54–55 dari 59
288 dari 323
2.871–2.880 dari 3.223
54.046 para mantri Surabaya | samya ngamuk sarwa atawan tangis | wus kawarta pêjahipun | Angabèi Jangrana | para rabinira sadaya anusul | myang rabining adipatya | sami nusul tawan tangis ||
54.047 sapraptanira payudan | para gêrwa samya anjrit nungkêmi | ing pada ngaturi kondur | adangdanana bala | benjang yèn wus para kadang padha kumpul | anunggil dadosatunggal[1] | sêdhêng umaguta malih ||
54.048 pun Apanji Kartayuda | atanapi pun Surèngrana Panji | dipati kewran ing kalbu | ginubêl para gêrwa | mundur alon Kumpêni sadaya anglud | angiring wong Surabaya | anut wuri ambêdhili ||
54.049 undure wong Surabaya | datan owah tatanira lumaris | atarung bari lumaku | umyang ingkang gamêlan | samya bali Kumpêni kasaput dalu | wadya kang mati ing rana | caruk [[f. 264v]: ca...ruk] wor datanpa wilis ||
54.050 Kya Tumênggung Cakrajaya | lawan Amral amakuwon salêbêting nagari |[2] Jayapuspita wus rawuh | pakuwonira lama | anèng lawang sayatra ikang winuwus | sira Panji Kartayuda | myang Panji Surèngranèki ||
54.051 dalu amiyarsa warta | yèn kang raka kasoran ing ajurit | wadya rêmpu ari lampus | Angabèi Jangrana | kalih agya budhal saha wadyanipun | prapta ngarsane kang raka | ginub[3] lir ngajak mijil |[4]|
55. Mijil
55.001 samya sumungkêm ing pada kalih | arinira karo | samya angasih-asih ature | Panji Surèngrana atanapi | Kartayuda Panji | mring raka turipun ||
55.002 lah suwawi kakang adipati | tumuntêna miyos | saking praja amrih ingkang ombèr | sompoking papan maksihèng ngriki | wataking Kumpêni | dhêmên mungsuh tangguh ||
55.003 angandika aris sang dipati | yayi karsaningong | ararêmpon jroning praja bae | nadyan kêthèn awêndran Kumpêni | lan wong Surawèsthi | atandhinga jitus ||
55.004 ingsun nyayi tanêdya gumingsir | tumpêsa palugon | parêng lawan mantriningsun kabèh | ikang rayi mêksa angaturi | nugil Murah Panji | Balèlèng apêngkuh [[f. 265r]] ||
288 dari 323

 


dados satunggal. (kembali)
Lebih empat suku kata: lawan Amral makuwon ing nagari. Bandingkan: lawan Amral makuwon kitha malih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.87.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.88.2). (kembali)
ginubêl. (kembali)
Kurang satu suku kata: ginubêl lir ngajak mijil. (kembali)