Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
56 dari 59
290–291 dari 323
2.900–2.909 dari 3.223
56.010 | dukinêpung[1] anèng kitha | pitung sasi lamine wong pasisir | gènnya sami baris tugur | miwah wong Kartasura | myang Kumpêni tan ana wani amagut | eca samya dhêp-adhêpan | nahan kawarna sang aji || |
56.011 | Kartasura sampun myarsa | yèn kang aprang kasor wadya kèh mati | lèn Kumpêni kathah lampus | mangkana ta winarna | aparentah sang nata akèn abantu | sakèh wong ing Pamajêgan | Banyumas Banjar kinêrig || |
56.012 | Mardèn Panjêr lawan Rema | atanapi Pamajêgan Matawis | kinarya têtindhihipun | Dêmang Jayawinata | lawan Jayasamodra kang ngirid laku | wus budhal saking nêgara | datan kawarna ing margi || |
56.013 | praptèng nagri Surabaya | Dêmang Jawinata panggya patih |[2] miwah Amral wus acundhuk | Dêmang Jayawinata | sakancane wus pinarnahakên kuwu | nahan gantia winarna | prajurit kang saking Bali || |
56.014 | srayane Pangeran Sampang | ingkang seda ing lautan ing nguni [[f. 267r]] | amèt sraya ing wong Bangsul | Dewa Kêtut wastanya | mangke prapta anggawa prajurit sèwu | praptèng kitha Patunjungan | myarsa pangran wus ngêmasi || |
56.015 | ngamuk anèng palwa kapal | gih punika inguni kang nyuruhi | Dewa Kêtut asru ngungun | dadya akèn bêbahak | wong Madura gègèr akathah kang nusul | maring nagri Surabaya | atur uningèng dipati || |
56.016 | lamun ana mungsuh prapta | saking Bali Dewa Kêtut namèki | ambêkta prajurit sèwu | pangeran gya tur wikan | mring apatya lèn Amral samya amuwus | maring Pangeran Madura | lah age dika ulihi || |
56.017 | Pangeran Sampang turira | pan punika ènthèng kapanggih ngwuri | yêkti kang awrat rinêbut | kapanggiha ing wuntat | ing Madura kawula mangke angutus | inggih pun Cakranagara | ikang kawula kèn mulih || |
56.018 | mring Madura anggitika | mungsuh Bali angandika apatih | inggih yèn makatên sokur | karsa andika pangran | sigra budhal angirid prajurit sèwu | Rahadèn Cakranagara | mancal saking Surawèsthi || |
56.019 | ya ta kawarnaa atmral | duk sêmana atur sêksi ing patih | dening polahe kumêndur | lêkasirèng ayuda | dènnya ngadu Kumpêni kalangkung rusuh | buta [[f. 267v]: bu...ta] tuli ambêk sura | karya rusaking Kumpêni || |
290–291 dari 323
1 | duk kinêpung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.107.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.108.1). (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: Dêmang Jayawinata panggya patih. (kembali) |