Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
56 dari 59
292–293 dari 323
2.914–2.923 dari 3.223
56.024 | ingipuk ingêla-êla | Radèn Cakranagara de wong Bali | supe dhatêng kadang sêpuh | ingadêgkên dipatya | Radèn Jimat sêmana sampun jêjuluk | Pangeran Anyakraningrat | barise sampun adadi || |
56.025 | ikang kinarya mênggala | ing prang aran Radèn Sewanêgarèki |[1] wadya ing Madura suyud | wus katur ing [[f. 268r]] Pangeran | Cakraningrat ikang anèng Surèngkewuh | kagyat wagugên ing driya | sigra tur uningèng patih || |
56.026 | yèn ari Cakranagara | mangke băngga akait lan wong Bali | pun Dewa Kêtut kang mangku | wus jumênêng dipatya | ing Madura lan sampun mawi jêjuluk | Pangeran Anyakraningrat | Kya Cakrajaya apikir || |
56.027 | lan sagung para punggawa | miwah Amral karsanira apatih | aja angeroni laku | salah siji abisa | sigra undhang-undhanga sawegèng pupuh | miwah Amral aparentah | angundhangi wong Kumpêni || |
56.028 | Mayor Gustap kang dinuta | anggitika ing Wanakrama ngirid | Kumpêni dharat kèhipun | kalih bragada budhal | lawan para bupati pasisir kêbut | mung kari Amral lan patya | Kumpêni sadaya kêrig || |
56.029 | tan kawarna lampahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | kagyat wadyèng Surèngkewuh | sigra nêmbang têngara | gubar bèri kêndhang gong bêndhe angungkung | Dipati Jayapuspita | sigra miyos ing ajurit || |
56.030 | wong Surabaya kumêrab | para ari Surèngrana Apanji | kalih samya anèngayun | lan Panji Kartayuda | campuhing prang arame surak lir guntur | Mayor Gustap hir ing wadya | Kumpêni êdrèlira tri || |
56.031 | wus karsaning Hyang mangkana | wong ing [[f. 268v]] Surabaya wor lawan kafir | angambil sraya wong Bangsul | mila jayane ilang | dening ginggang pangandêlirèng Hyang Agung | Surèngrana Kartayuda | samya ngantêp ing ajurit || |
56.032 | ngamuk anêdya palastra | para mantri byuk anêmpuh Kumpêni | pinapag ing drèlira byuk | lir gunturing prawata | awor suraking wadya kêndhang gong tambur | wong Surabaya kèh pêjah | Jayapuspita jênêngi || |
56.033 | têdhak anrêgakên wadya | ngamuk nêngah sakèhing para mantri | karoban ing mungsuh agung | wong pasisir sadaya | parêng ambyuk Ngabèi Tohjaya ngamuk | lawan Radèn Sirnayuda | ikang katêrajang ênting || |
292–293 dari 323
1 | Lebih satu suku kata: ing prang aran Radèn Sewanêgari. Bandingkan: Radèn Sewanêgara kang wêwangi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.122.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.123.2). (kembali) |