Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
56–57 dari 59
292–293 dari 323
2.919–2.928 dari 3.223
56.029 | tan kawarna lampahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | kagyat wadyèng Surèngkewuh | sigra nêmbang têngara | gubar bèri kêndhang gong bêndhe angungkung | Dipati Jayapuspita | sigra miyos ing ajurit || |
56.030 | wong Surabaya kumêrab | para ari Surèngrana Apanji | kalih samya anèngayun | lan Panji Kartayuda | campuhing prang arame surak lir guntur | Mayor Gustap hir ing wadya | Kumpêni êdrèlira tri || |
56.031 | wus karsaning Hyang mangkana | wong ing [[f. 268v]] Surabaya wor lawan kafir | angambil sraya wong Bangsul | mila jayane ilang | dening ginggang pangandêlirèng Hyang Agung | Surèngrana Kartayuda | samya ngantêp ing ajurit || |
56.032 | ngamuk anêdya palastra | para mantri byuk anêmpuh Kumpêni | pinapag ing drèlira byuk | lir gunturing prawata | awor suraking wadya kêndhang gong tambur | wong Surabaya kèh pêjah | Jayapuspita jênêngi || |
56.033 | têdhak anrêgakên wadya | ngamuk nêngah sakèhing para mantri | karoban ing mungsuh agung | wong pasisir sadaya | parêng ambyuk Ngabèi Tohjaya ngamuk | lawan Radèn Sirnayuda | ikang katêrajang ênting || |
56.034 | Răngga Wanèngpati pêjah | Dêmang Êbês Surèngpati ngêmasi | andêle wong Surèngkewuh | Sindubaya palastra | têtunggule Dêmang Sêcapura tatu | mangsah Panji Surèngrana | wadya Bali dèn tindhihi || |
56.035 | mangamuk awor Wêlănda | ulêt caruk pêdhang kalawan kêris | wong pasisir byuk angrubut | rame prang agêmporan | Panji Surèngrana pangamuke liwung | tan tumama sara tiksna | kokila gêmpung nambêri || |
57. Dhandhanggula | |
57.001 | Dipati Jayapuspita runtik | anandhak watang arsa ngamuka | rinêbut para mantrine | samya ngaturi kondur | benjing ngawakana ing jurit | yèn abdine sadaya [[f. 269r]: sada...ya] | sampun kabarubuh | suwawi ngucali papan | ingkang èwêd atilar ing Surawèsthi | suwawi dhatêng Japan || |
57.002 | taksih sompok yèn wontên ing ngriki | suwawi mapan dhatêng ing Japan | asoa murih ombère | lan pênêd papanipun | nagri kaideran ing lusi | Apanji Surèngrana | rèh puniku rêmbug | dipati mundur lon-lonan | wong Kumpêni anglud samya ambêdhili | maring wong Surabaya || |
57.003 | anadhahi prang bari lumaris | eca dènira ababêdhilan | yèn Wêlănda kras panglude | ingandhêgan ingamuk | dadya bênggang gènira bêdhil | saking ing doh drèlira | praptèng bitingipun | mangsuk wadyèng Surabaya | amakuwon kandhêg pangluding Kumpêni | tanna wani ngrabasa || |
292–293 dari 323